Upacara Semaya Putu Kanggo Sapa Setemene?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 16 Mei 2026 05:08 WIB)
- Laporan
Selametan Semaya Putu. Paran setemene? Ana hang ngomong gok selametan Semaya Putu setemene selametan sak anak putu kanggone wong hang tuwek lan dawa umure, biyasahe wis dadi buyut. Tujuwane dienggo ngelumpukan anak putune. Jare makene sing pikun.
Naming jare sesepuh adat Dukuh Talunjeruk kecamatan Glagah, Kang Usik, ritual upacara adat selametan Semaya Putu iku intine, anak mbales budi nyang wong tuweke loro, emak lan apak.
Ritual iku uga negesaken piwulang nyang putu supaya taat nyang wong tuwek.
Aju adat kang wis diwelurikaken ring wong tuwek kampung Dukuh, angger wis padha mentas kabeh anake utawa wis umah-umah kabeh buru anak lan mantu rembugan selametan Semaya Putu iku.
Ubarampene/weragade selametane iku kabeh digendhong indhit sak anak mantu. Biyasahe adat Dukuh Talunjeruk hang wis melaku, kang duwe anak lanang ya nggawe tumpeng pecel/pethetheng pitik lanang. Wadon ya gawe tumpeng pethetheng pitik wadon.
Aju anang adone cuma nggawe tumpeng serakat (paran iku tumpeng serakat wis dijelasaken ring artikel belambangan.com tanggal 13 Mei 26), jenang abang, sega golong, banyu arum pitung tawar lan winih kelapa loro. Anak mantu ya urunan jajan pasar lan sing ninggal jajan puthu ambi nambahi panganan para bungkil diwadhahi takir, diwadhahi nyiru. Jajan pasare ya diwadhahi nyiru.
Serta mari selametan putune kang paling tuwek ngedusi anange lan adone nganggo banyu arum.
Kadhung kabeh wis pungkas ngedusi anang adone, putu kang paling tuwek ndulang sega tetel yaiku sega dikepel ring godhong gedhang, iwake abon ambi sawur aju didulangaken. Serta wis mari ndulang kabeh putune, terus anak lan mantu padha ngusapaken banyu pitung tawar nyang awake mbah kang diselameti putu iku ambi ngomong:
"Ya wis Pak, ya wis Mak, putunrika lanang wadon kabeh wis sing duwe utang nyang Rika. Bengen magih cilik Rika kang ngedusi, saiki mbales ngedusi nyang Rika. Muga-muga Rika paringana dawa umur lan paringana seger sakteruse makene nggadug nyang buyutrika."
Semaure bapak lan emake: "Amin."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Poto Etnis.id
Editor: Hani Z. Noor