Njaga Banyu Kanggo Lestarine Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 22 Mei 2026 07:09 WIB)
- Laporan



Arane bain ngemu ucap BANYU, hing maido Banyuwangi sugih ambi banyu. Sasate nong endi bain akeh sumber, kali lan uwangan hang banyune pating gemerojog kaya hing ana asate. Nong dhaerah liya, kedhokan digarap nganggo cara tadhah udan, kadhung sing udan sing ngawiti tandur, taping ring Banyuwangi kedhokane istilahe malik damen, marek panen, lemahe diwalik aju gancang ditanduri maning.
   Naming rasa sukur nduweni rejeki gedigi iki kudu diduduhakan nang lare-lare makene duwe piwulang nyang pentinge banyu.
   Mangkane Perusahaan Umum Daerah Air Minum (PUDAM) Banyuwangi nggawe program hang arane Wisesa Sikadi (Wisata Edukasi Wiwit Usia Dini).
   Kapanane iku atusan pelajar SD diajak sinau langsung nang salah siji kawasan sumber banyu paling lawas lan nduweni cerita sejarah ring Banyuwangi yaiku Sumber Gedor.
   Kegiyatan kawitan hang dipeleciraken Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani, dina Rebo 13 Mei 2026 iku dipiloni 75 murid SD sak Banyuwangi. Lalare diajak ngarteni sejarah, peroses ngolah banyu rijig, sampek perlune njaga lingkungan tetep lestari langsung ring kawasan Sumber Gedor.
  Sumber Gedor minangka salah siji sumber banyu paling lawas ring Banyuwangi hang wis ana sakat taun 1927. Instalasi tinggalane pemerintah Kolonial Landa iku seperene magih dadi andhelane PUDAM Banyuwangi kanggone nyukupi kebutuhan banyu rijig masarakat.
   Direktur PUDAM Banyuwangi, Abdurrahman, njelasaken gok kawasan Sumber Gedor dudu mung sumber banyu biyasah, taping uga nduweni nilai sejarah dhuwur minangka peninggalan kolonial Landa hang dibangun sakat taun 1926.
   “Sumber Gedor iki cagar budaya peninggalane jaman Landa sakat taun 1926. Lalare dikenalaken bab sejarah, banyu, lan vegetasi ring sakubenge sumber mata air,” ujare.
   Jare Abdurrahman, edukasi sakat cilik iku penting ditandangi makene generasi enom paham nilai strategis sumber banyu lan uga milu njaga lestarine ring dina mburi.
   Iyane uga negesaken gok kualitas banyu PUDAM Banyuwangi tetep kejaga merga asale langsung teka sumber alami lan rutin dianakaken pengujian laboratorium saben ulan ring Dinas Kesehatan.
   “Banyu teka PUDAM Banyuwangi iki banyu paling apik lan bisa langsung diombe teka keran ring umah. Unsur kesehatane terus dijaga merga rutin dianakaken uji laboratorium,” tegese.
   Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani, milu girang ring anane program Wisesa Sikadi iki. Pembelajaran nang njaba kelas kaya gedigi iki bisa ngewani pengalaman hang lebih kontekstual kanggone para murid.
   “Sinau hing kudu ning njero kelas thok. Liwat program iki, lalare bisa paham langsung peroses produksi banyu rijig, sejarah lan pentinge njaga lingkungan sakat cilik,” ujare Ipuk.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor