Medhali Emas lan Perunggu Pencak Silat Kanggo Banyuwangi

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 25 Mei 2026 06:49 WIB)
- Laporan



Lalare Banyuwangi saya nggawe mongkog, aweh perestasi hing mung ring kesenian naming uga ring olahraga. Kaya hang dilaporaken Bwi24jam, Kontingen Banyuwangi maning-maning ngukir prestasi ring Kejuaraan Provinsi (Kejurprov) Pencak Silat Jawa Timur hang dianakaken ring Surabaya 18–21 Mei 2026 kepungkur.
  Ring kejuwaraan bela diri pencak silat iku, atlet Banyuwangi nggawa mulih siji medhali emas lan loro medhali perunggu teka ring kategori Tandhing.
   Medali emas digayuh ring Dewi Septiani Irawan sakuwise metu dadi juwara 1 Kelas C Putri kategori Tandhing. Sawetara rong medhali perunggu diulihaken ring
Raditya Zendi Dwi Cahya ring Kelas E Putra kategori Tandhing lan Nabila ring Kelas A Putri kategori Tandhing.
   Prestasi para atlet iku ulih ucap apresiasi pisan teka tim pendhamping lan pelatih hang ngancani sak suwene kompetisi dianakaken.
   “Selamet kanggone perjuwangan lan prestasi hang wis digayuh! Terima nyang para atlet, manajer, lan tim pelatih hang wis nggawa ganda arum nyang aran Banyuwangi ring tingkat provinsi. Terusa njangkah nerusaken laku nuju pucit perestasi hang lebih dhuwur hang wis dikawiti!” gedigu ucap hang disampekaken ring kontingen Banyuwangi.
   Prestasi kontingen Banyuwangi uga hing luput teka ring pendhampingan manajer tim, Fajar Endranto, bareng ambi jajaran pelatih hang ngawal sakat ring persiyapan pisik, mental, sampek seterategi atlet sak suwene kejuwaraan iku dilaksanakaken.
   Wadhah Kejurprov Jatim iku dipiloni atlet-atlet teka pirang-pirangane dhaerah ring Jawa Timur lan dadi salah siji kompetisi tingkat propinsi ring cabang olahraga pencak silat kategori Tandhing.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto Bwi24jam

Editor: Hani Z. Noor