Tumpeng Sewu Lan Kemiren

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 23 Mei 2026 07:25 WIB)
- Laporan



Tumpeng Sewu wis dadi tetenger nguwataken anggepan gok desa Kemiren kecamatan Glagah mula mituhu nggandholi weluri embah buyute.

Ewonan warga Kemiren lan wisatawan domestik uga wisatawan njaban kaya kutah ring sedawane dalan desa Kemiren, sakperlu milu niliki tumpeng bareng-bareng kelawan kahanan hang guyub, dina Kemis bengi 21 Mei 2026.

Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani hang milu teka lan madhang tumpeng pisan bareng ambi masarakat iku ngarani, teradhisi iki dadi salah siji simbol kekuwatan budaya lokal hang diduweni Banyuwangi. Miturut Ipuk, teradhisi masarakat Using iki nggambaraken kuwate adat lan makna ngersaya bareng hang terus dijaga sampek seperene.

“Iki bagiyan teka kekuwatan lokal hang bakal terus kita umbulaken. Budaya ngersaya bareng kaya gedigi iki hing diduweni kabeh dhaerah. Iki kelebihane Desa Kemiren hang kudu terus dilestarikaken,” ujare Ipuk. 

Ipuk ngeregani nyang komitmen masarakat Using Kemiren hang terus njaga teradhisi leluhur ring tengah-tengah uwahe jaman. Miturut Ipuk, milu ubrede warga hang kelawan sukarela nyiyapaken ewonan tumpeng kanggone dipangan bareng dadi bukti kuwate solidaritas sosial masarakat. 

Tumpeng Sewu iku ritual turun-temurun masarakat Using minangka wujud rasa sukur nyang Gusti Alloh. Teradhisi iki ajeg digelar saben setaun sepisan, ring dina minggu sedurunge lebaran Idul Adha. 

Ring pelaksanaane, warga nyuguhaken ewonan tumpeng lengkap ambi olahan has Using arupa pecel pitik lan lalapan. Pecel pitik iku olahan ayam kampung panggang hang diuwani kelapa parud lan ragi has Using hang dadi olahan wajib ring teradhisi Tumpeng Sewu iki. 

Hing mung warga lokal, taping wisatawan uga milu ngerasakaken kahanan guyub rukun hang katon sedurunge acara dikawiti. 

“Kerasa untung Isun bisa dadi bagiyan teka teradhisi iki. Panganane enak, cocog nyang ilatisun. Masarakate uga geromyoh. Isun girang bisa merana,” jare Adam, wisatawan asal Republik Ceko. 

Pengunjung asal Semarang, Ati, uga ngaku kaju nyang guyub rukune masarakat Kemiren. 

“Wargane rukun lan guyub. Panganane uga enak. Mau sampek imbal pindho,” jarene. 

Sedurunge mangan bareng dikawiti, warga nggelar ritual Ider Bumi sulung kelawan ngarak barong melibeng desa. Barong mangkat teka rong arah hang beda, wetan lan kulon, aju kecaruk nong ngarepe Balai Desa Kemiren. 

Warga aju ndonga bareng njaluk keselametan lan diadohaken teka balak lan penyakit nyang Pengeran.

Ring teradhisi iki uga diisi ambi ritual Mepe Kasur lan Macaan Lontar Yusup sewengi jampleng. Teradhisi maca naskah kuna bab kisah Nabi Yusuf iku dipercaya dadi wujud selametan lan tulak balak. 

“Iki wujud sukure awak dhewek nyang Gusti Alloh, nyang rejeki hang wis diuweni sedawane taun, sekaligus ndonga makene awak dhewek diuwani keselametan lan diadohaken teka balak,” ujare Kepala Desa Kemiren, Muhammad Arifin. 

Ngelestarekaken budaya kelawan ajeg iki hang nggawa Desa Kemiren ulih pirang-pirangane penghargaan nasional sampek internasional. Ring taun 2025, desa Kemiren ulih "The 5th ASEAN Homestay Award" ring ASEAN Tourism Award ring Malaysia. 

Ring taun iku pisan Desa Kemiren uga melebu ring jaringan desa wisata paling apik Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB). Sakliyane iku, desa iki ulih juara II "Anugerah Desa Wisata Indonesia (ADWI) 2024" kategori Kelembagaan lan SDM teka Kementerian Pariwisata RI.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor