Guyub Taping Wurung Dandan Geni

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 21 Mei 2026 05:24 WIB)
- Laporan



Kelendi carane ngeraketaken serawungan tetanggaan?
  Wong-wong warga RT03/RW02 lingkungan Kalilo, Pengantigan Banyuwangi duwe agendha dhewek. Saben taun kumpul-kumpul, madhang bareng sak tanggaan ring panggonan kelenceran ring Banyuwangi.
   Taun 2026 iki tanggal 16-17 sore, wong-wong iku nggelar acarane ring Capas Adventure Land desa Paspan, Glagah hang nyedhiyani tendha-tendha kanggo nginepe pisan.
   Ana kira-kira 38 laki rabi hang milu, lare hang magih sekolah TK-SMP ana 15 lan hang wis ndhuwure 60 taun ana wong pitu.
Teka semono akehe, ana wong 25an hang nduduk, hing milu nginep, kelebu wong-wong hang tuwek. Husus wong-wong tuwek iki, panitiya wis nyiaypaken kendharaan dienggo mangkat lan mulih.
   Acarane mung madhang lan gesah. Emak-emak wis nyedhiyani bontotan aju madhang bareng. Teka sega, kuluban jagung sampek gedhang goreng.
   Setemene arep dandan geni pisan dienggo nguripaken api unggun kalingana kayune kepus keneng udan hang cicir sedhilut. Wurung. Taping hing nyuda kekarepane wong-wong iku kanggo guyub.
  Engkisuke, ana acara senam aju sarapan sega janganan hang dipesenaken nang wong Banjar/Licin, dipelas godhong gedhang lan ana jajanan pisan, kaya puthu lan uceng-uceng.
   Ambi sarapan ana hang karaokean, soale panitiyane nggawa sepeker pisan.
   Acarane ditutup kira-kira jam 10an engkisuke, kelawan donga hang dipimpin Bu Hj. Said.
   Masiya sedhilut itungane, tujuwan kanggo wadhah silaturahim tangga kayane wis bener, wis cocog ambi slogane "Guyub, rukun, tetanggaan selawase.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor