Gesah Tuwek
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 19 Februari 2020 07:45 WIB)
- Laporan

Laku cerita nyatane tabuhan lan gendhing ring Banyuwangi iki wis kepara nyata gangsar katone. Seni Musik Banyuwangi ring dina-dina iki pancen gawe mongkog atine wong Banyuwangi. Akeh gendhing lan tabuhan hang wis kegawa ring tingkat Nasional. Akeh uga seniman lan musisi Banyuwangi hang menang lomba lan kompetisi tingkat Nasional. Mula iku Forum Diskusi hang ana ring Banyuwangi arep nganakaken gesah hang dipandhegani Direktorat Jenderal Pajak Banyuwangi, makene bisa njaga melaku jejege musik, lan gendhing Banyuwangi iki.
Diskusi hang diarani “Gesah Tuwek” iki arep dianakaken ring Sanggar Genjah Arum Kemiren Kecamatan Glagah Kabupaten Banyuwangi. Dina Kemis, 20 Pebruari 2020 diskusi arep nggesahaken lan mbahas masalah sejarah lan perkembangan musik Banyuwangi.
Hang dadi narasumbere yaiku Yons DD, Hasan Basri, lan Choliqul Ridho. Ring kene dikarepaken kabeh hang nekani kegiyatan iki bisa urun rembug arupa ide lan gagasan kanggo perkembangan musik Banyuwangi mengarep.
Nurut Samsudin Adlawi hang didapuk dadi moderator, kegiyatan iki murni babakan gesah musik Banyuwangi lan sing ana kaitane ambi politik utawa sokongan nyang salah sijine pasangan calon Bupati Banyuwngi.
Iki perlu ditegasaken merga ring tahun politik iki, meh kabeh kegiyatan disangkutaken nyang urusan politik lan dukungan nyang pasangan calon. Sing luput uga urusan seni.
Masiya diskusi iki mung bisa ditekani sakkelipek kalangan seniman musik nong Banyuwangi bain. Naming kegiyatan iki magih kepingin bisa nduwe kontribusi nyang perkembangane musik Banyuwangi ring dina-dina mburi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : laporan esah
Editor: Antariksawan Jusuf