Hasan Basri: Musik Banyuwangi Nggawa Rekonsiliasi
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 25 Februari 2020 12:48 WIB)
- Laporan
Seru tegese Hasan Basri hang dadi salah sijine narasumber nong “Gesah Tuwek” hang dianakaken KPP (Kantor Pelayanan Pajak) Pratama Banyuwangi ring Sanggar Genjah Arum Kemiren, 20 Pebruari 2020 kepungkur. Katon kadhung Hasan Basri hang jejuluk Kang Son iki weruh akeh nyang sejarah perkembangan musik Banyuwangi.
Carane gesah nyatane bisa ngudhar nyang perkembangane musik sakat jaman Jepang sampek jaman saiki iki. Wong-wong sing mandheg gemuyu serta iyane nyeritakaken kelendi bapake hang golongan santri pungkasane bisa nerima musik Banyuwangi, serta ana musik kendhang kempul hang nggawa lagu “Assalamualaikum”. Gendhing hang digawa Alief S iki nyatane bisa nggawa rekonsiliasi, utawa mbalekaken paseduluran hang tau pedhot antarane golongan abangan lan golongan santri, bisa nyawiji nerima kesenian dhaerah Banyuwangi utamane musik Banyuwangi, gedigu Kang Son cerita.
Anggone seniman lan budayawan ring Banyuwangi, wong siji iki wis kesuwur megiyete. Guru hang saiki mulang ana ring SMPN 1 Banyuwangi iki uga penulis artikel sejarah lokal lan masalah-masalah kebudayaan. Tulisan-tulisane hang penting antarane; Pangeran Jagapati (Pahlawan Perjuangan Kemerdekaan di Tanah Blambangan, 2006), (Wong Agung Wilis 1767-1780 2008); (Perjuangan Sayu Wiwit dalam Perang di Blambangan Tahun 1771-1772 (2008), Sastra Using Banyuwangi (2008).
Sakliyane nulis, Kang Son hang lair ana ring Desa Mangir Rogojampi iki, uga hang mandhegani Majalah basa Using Seblang, hang saiki wis sing terbit maning. Jenggirate nyang Basa Using mestine sing luput teka ajaran-ajarane ruwahe Hasan Ali. Keneng diomong kadhung Kang Son iki punjere pungkas ring pitakonan nyang masalah-masalah ring Basa Using.
Masiya Kang Son iki Master ring Pendidikan Agama Islam, naming roh lan atine manggon ana ring kesenian lan kebudayan Banyuwangi. Delengen bain kiprahe ana ring Dewan Kesenian Belambangan (DKB), sakat tahun 1995 sampek saiki magih diweni amanat njaga lan ngurusi ana ring Dewan Kesenian Belambangan (DKB). Ring kepemimpinane ruwahe Hasan Ali, ruwahe Hamzawi Adnan, lan ruwahe Maskur iyane dadi sekretaris. Serta ring kepemimpinane Samsudin Adlawi lan hang saiki Taufiq Hidayat dadi Wakil Ketua 1.
Kang Son hang saiki manggon ana ring Lingkungan Sukorojo RT 4/RW 1 Kelurahan Banjarsari Kecamatan Glagah iki, kelebu wong hang bisa diterima ring meh kabeh golongan masyarakat seni ring Banyuwangi. Sing salah kadhung kabeh bisa nganggo lan nerima anane.
Sakliyane ana ring kepengurusan Aliansi Masyarakat Adat Nusantara AMAN, Ketua ring Lembaga Masyarakat Adat Osing (LMAO), Wakil Ketua ring Dewan Kesenian Belambangan (DKB), Kang Son uga dadi Direktur ring Akademi Lalare Orkestra, yaiku lembaga Pendidikan Kesenian hang nganakaken pembelajaran musik tradhisional anggone lare-lare cilik ring Banyuwangi.
Ring pungkase gesah Kang Son kepingin kreatifitase seniman Banyuwangi sing mandheg ngadhepi jaman digital hang saiki iki. Kerentege ati kanggo nganggit gendhing lan lagu kudu terus dijaga, makene Banyuwangi tambah moncer bisa nyerambah bumi nusantara lan negara manca.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Gesah Tuwek
Editor: Antariksawan Jusuf





