Inovasi “Malaikat” – Masyarakat Lapor Kematian Ulih Akte
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 05 Februari 2020 10:28 WIB)
- Laporan
Rika tau weruh tah ana wong wis ninggal donya, naming magih ulih Bantuan Langsung Tunai utawa BLT? Aju ana maning, wong wis mati magih ulih panggilan kanggo nyoblos pemilihan umum lan pemilihan legislatif. Bantuan kanggo wong sing duwe, cumpune hang nerima wong sugih utawa wis cukup uripe saben dinane.
Kabeh mau nandakaken kadhung sistem nyimpene data sing kakaruwan. Data sing keneng dipercaya malah nggarahi kebijakan pemerintah bisa salah dalan, merga subsidi utawa bantuan hang dikarepaken kanggo wong sing duwe temekaken ketebluk nyang wong sugih. Wong hang wis mati, magih kecatet ulih bantuan terus-terusan.
Melaku teka kono mau, warga Kelurahan Tamanbaru, Kecamatan Banyuwangi Kota aju duwe angen-angen “Inovasi” hang disingkat MALAIKAT – Masyarakat Lapor Kematian Dapat Akte. Inovasi iki nggarahi wong-wong temen ulihe nggatekaken nang pencatetan, merga gunane akeh. Embuh iku kanggo keluwargane hang mati, uga kanggo wong liya.
“Kanggone keluwarga almarhum utawa almarhumah, kadhung arep ngurus hak-hak ring instansi paran bain mesti ditakokaken akte kelairan. Mulane keluwarga kudu nyulungaken lapor nyang kelurahan, mane ulih akte mau. Kanggone wong liya, pencathetan iki penting seru. Kadhung wong hang ninggal magih ana datane nerima bantuan teka pemerintah, pungkasane wong-wong liyane sing bisa nerima merga datane durung melebu utawa durung dianyari. Pemerintah bisa rugi akeh, kadhung data hang ana sing didandani”, ujare Lurah Tamanbaru, Abdur Rochman.
Sak suwene iki, masyarakat hang gelem lapor nyang keluruhan ya mung lapor thok, sonder ngenteni terbite Akte Kematian. Iki hang dadi salah sijine sebabe, data hang ana sing keneng dipercaya. Data kependudukan mau kadhung durung terbit Akte Kematian ya durung dibusek teka Sistem Kependudukan ring tingkat pusat, yaiku aplikasi SIAK (Sistem Informasi Adminitrasi Kependudukan).
“Saiki warga Tamanbaru ambi inovasi anyar hang disediani Pemerintah Daerah, aju seregep nekani utawa marani kadhung ana kabar wong ninggal dunya. Carane, kadhung ana pengumuman ring speker Masjid utawa langgar muni ‘Innalillahi wainnalillahi rojiun, petugas agage nekani umahe warga hang ninggal donya mau, ambi njaluk dokumen arupa fotocopy KTP lan Kartu Keluarga” tambahe Rachman hang uga kerep diuceluk Gus Dur ambi wargane.
Sak liyane iku, petugas uga nggoleti datane warga hang wis ninggal donya ring sistem SIAK aju dicocogaken ambi laporan kematian hang melebu nyang kelurahan. Malah sampek dibelani nekani kuburan, aju dicatet aran-aran wong ninggal dunya teka maesane. Data mau aju dikelumpukaken lan diproses liwat aplikasi hang ana. Serta wis metu Akte Kematian dijuwut ambi petugas ring Mall Pelayanan Publik lan sak teruse diedumaken nyang ahli warise.
“Muga-muga lelawan cara gedigi, data-data resmi pemerintah keneng dipercaya. Kadhung wis valid, insyaalloh bisa ngurangi kesalahan nong njerone pemerintah, mulai teka daerah sampek pusat wayah njuwut kebijakan kanggo kesejahteraan rakyate”, pungkas Rochman hang asli Kesatrian, Rogojampi iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






