Juwara Lomba Cipta Lagu Bahasa Using

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Februari 2020 08:37 WIB)
- Laporan



Blambangan Ballroom El Hotel Royal Banyuwangi dadi saksine, wewarah lomba Cipta Lagu Bahasa Using hang dianakaken KPP Pratama Banyuwangi. Bengi iku dina Jemuah, 22 Pebruari 2020 dadi bengi hang penting kanggone para penganggit gendhing Using hang wis milu ring lomba .

Sakmarine wewarah juara Lomba Cipta Lagu Basa Using ring bengi iku digelar “Tribute Tamba Kangene Ati”. Ring kana uga nampilaken karya-karyane Yon’s DD lan Catur Arum ambi penyanyi-penyanyi hang wis anjrah nong bumi Belambangan, kayata, Adistya Mayasari, Candra Banyu, Reny Farida, Arief Citeng, Neno, Anggun Pramudita lan Supinah.

Yunus Darmono Kepala Kantor Pajak Pratama Banyuwangi nyatakaken ring Channel Youtube Radar Banyuwangi njunjung tema “Anti korupsi”. Dikarepakaken ring lomba iki bisa ndadekaken Banyuwangi dadi WBK yaiku Wilayah Bebas Korupsi. Kaya wis predikat hang wis disandhang KPP Pratama Banyuwangi dadi Wilayah Bebas Korupsi ring tahun 2019.

Sakliyane iku Panitia uga kepingin ndadekaken Banyuwangi ring tahun iki dadiya Wilayah Bersih lan Ngelayani Wajib Pajak liwat Lomba Cipta Lagu Basa Using iki.

Sepuluh lagu wis kepilih antarane bain; 1. Antariksawan Jusuf kelawan judhul “Korupsi iku Nyolong” , 2. SMPN 2 Genteng judhul “Aja Korupsi”, Ilham Layli M judhul “Antisipasi Korupsi”, 4. Ilham Layli M judhul “Gerakan Antisipasi Korupsi”, 5. M Lubi Sofiyan judhul “Megawe Paran anane”, 6. Hendro Harsono judhul “Aja Korupsitah”,  Moh. Solihin /Sinar Lintang judhul “Banyuwangi Jujur”, 8. Mohamad Shodiq juduhul “Korupsi akeh Rugine”, Totok Hermanto judhul “Kepilu Angkara”, Muhamad Shodiq judhul “Timbang Getun”.

Teka sepuluh hang wis melebu nominasi iki aju dipilih telu hang dadi juwarane. Juara 1 Moh. Solihin/Sinar Lintang judhul “Banyuwangi Jujur”, juwara 2 Hendro Harsono judhul “Aja Korupsitah”, lan juwara 3 Antariksawan Jusuf judhul “Korupsi iku Nyolong”. Hang juwara ulih penghargaan piala lan picis hang akehe sepuluh juta juwara siji, petung juta juwara loro, lan limangjuta juwara telu.

Lomba Cipta Lagu Bahasa Using iki dijuri ambi wong-wong hang kompeten kayata 1. Yon’s DD (musisi/pencipta lgu), 2. Taufiq WR Hidayat (Ketua Lesbumi Banyuwangi), lan Eko Budi Hartono (DJP).

Sakteruse Yunus Darmono nyatakaken Kegiatane iki bisa dadiya sumbangan teka Kantor Pajak Banyuwangi kanggo masyarakat Banyuwangi makene Budaya Banyuwangi tambah suwe dadi tambah apik. Paran maning Industri musik iki kadhung dirumat apik bisa ngasilaken devisa lan pendapatan pajek hang gedhe kanggone pendapatan negara iki. Pungkase ucap kesuwun nyang kabeh hang wis ngerekadaya kabeh kegiatan muga bisa dadi gedhe manpaate kanggone masyarakat Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tribute Tamba Kangene Ati

Editor: Antariksawan Jusuf