Kampung Kebunsimacan Disambangi Mahasiswa asal Banyuwangi
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 14 Januari 2020 13:03 WIB)
- Laporan
Rungu kahanan Kampung Kebunsimacan, Desa Kluncing Kecamatan Licin, Banyuwangi, hang magih ring mburen, pirang-pirang mahasiswa teka Banyuwangi hang kuliah ring Surabaya, kepingin nyambangi lan mbantu paran kerepotan hang dialami warga hang nong ring ereng-ereng gunung Ijen iki.
Mahasiswa hang ngelumpuk ring organisasi Keluarga Pelajar Mahasiswa Banyuwangi Surabaya (KPMBS) sakat tanggal 11 sampek 14 Januari 2020, nggelar kegiyatan ngabdi nang masyarakat ring Kampung Kebunsimacan. Mahasiswa mau akehe ana 25 uwong, kabeh kuliah ring Universitas Islam Negeri Sunan Ampel Surabaya (UINSA) kelawan judhul kegiyatan “KPMBS UINSA Mengabdi”.
Ketua Umum KPMBS UINSA, Mohammad Rizal Farkhani ngomong, kadhung kegiatan iku wujud teka belajar teka anggota KPMBS UINSA, mudhun bareng serawung ambi masyarakat. “Sak temene, kita ditakdiraken dadi akademisi, duduk mung belajar ring njero kelas. Nana gunane kadhung cerdas ring kelas, taping sing duwe guna nang uripe masyarakat”, jare Mahasiswa Program Pendidikan Komisi Penyiaran Islam (Prodi KPI UINSA) mau.
Sing terima iku, jare lare lanang hang akrab disapa Awang iku, kadhung kegiatan iki minangka wujud wigatine kabeh anggota KPMBS UINSA nyang masyarakat Kebunsimacan hang magih melebu wilayah Banyuwangi. Dhaerah iki kelebu dhaerah hang duwe masalah pendidikan, akeh hang sing nutug sekolahe, masiya mung SD (Sekolah Dasar). Paran maning Kebunsimacan angel ditekani, merga dalane kurang apik, angel diliwati kendaraan lan mencil teka kampung hang ana ring desa Kluncing.
“Ring kana pendidikan ana mung sampek tingkat SD, iku bain magih ana hang sing sampek lulus. Mula teka iku, perlu anane kesadaran teka kalangan akademisi kanggo nguweni arahan kanggo masyarakat. Mane padha rumangsa kadhung pendidikan iku penting noring njerune penguripan jaman saiki”, tambah Awang.
Kegiyatan hang digelar 4 dina iki, dikawiti ambi ngundang masyarakat diajak nonton bareng. Marek iku ring dina kapindo, mahasiswa bareng warga ngerijigi sumber banyu utama. Sekalian ambi donga bareng, supaya gage dilancaraken sumber banyu hang kerep macet lan kurang lancar, alae banyu sumber iku dadi kebutuhane warga Kebunsimacan.
Sing terima iku, ring dina kaping telu mahasiswa aseli Banyuwangi iku nganakan upacara bendera ambi mesisan milu kegiyatan belajar mengajar ring SDN Klucing 2, siji-sijine sekolah ring Kebunsimacan. Mahasiswa uga bareng warga, milu ndadani dalan hang rusak. “Bengi pungkasan, masyarakat diundang kumpul maning ambi nganakaken syukuran”, jare Awang.
Hariri, salah sijine tokoh masyarakat Kampung Kebunsimacan, ngaku seneng ditekani mahasiswa teka KPMBS UINSA. Iyane ngarep, ambi tekane mahasiswa mau bisa sithik-sithik nguwah carane mikir masyarakat Kebunsimacan. “Seneng kadhung ana mahasiswa teka merene. Masyarakat kene mapag ambi cara apik, sapa hang gelem teka lan duwe karep apik ring kene”, jare Hariri seneng.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






