Ngajari Nandur lan Ilmu Tetanen nyang Lare Cilik
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 17 Januari 2020 12:48 WIB)
- Laporan
Melebu nyang usum rendheng, Sekolah Adat Kampoeng Batara. Papring, Kalipuro Banyuwangi, ngisi program ambi kegiyatan tandur-tinandur kanggo lare-lare. Program iki dianakaken warga Kampoeng Batara, ring Kebun Kampoeng Batara dhewek hang werane 10 x 7 meter.
Widie Nurmahmudy hang duwe Sekolah Adat Kampoeng Batara njelasaken, program tandur-tandur dadi acara taunan kanggone lare-lare Kampoeng Batara. Kecathet sakat taun 2017, lare-lare mau ndhedher winih lan nandur jajang.
“Taun 2018 nandur kembang lan uwoh-uwohan. Taun 2019 nandur wit-witan hang merambat. Ngawiti taun 2020 iki, petani cilik nandur sayuran, terong, jagung, lobok cilik lan lobok jawa”, jelase Widie.
Praktek nandur mau, dipiloni lare-lare Kampoeng Batara hang dibagi pirang-pirang kelompok. Angger-angger kelompok nguweni tandha kanggo lemah hang wis ditanduri. Tandha iku arupa aran kelompok lan winih hang ditandur. Marek iku, aju nerusaken kegiatan liyane para petani cilik iki.
Salah sijine petani cilik Kampoeng Batara, Herfan Efendi ngomong, iyane seneng seru kadhung wis melebu nyang program tetanduran. Merga iyane bisa ngerti lan weruh kelendi mekar mekroke tanduran, sakat merujuk sampek ngarepaken panen.
“Hang nyenengaken iku wayah kawitan lan wayah panen. Sak suwene nandur biyasahe Isun lan kanca nyathet perujuke sampek gedhe”, jare siswa kelas 2 Madrasah Tsanawiyah iki.
Sing terima Fendy, Selviatus Sholeha, siswi kelas 5 Madrasyah Ibtidaiyah nyeritakaken pengalaman hang nyenengakan wayah nandur. Masiya wong tuweke tani, sak suwene iki arang milu langsung nandur tanduran ring sawah lan kebonan.
“Seneng ana program nandur kaya iki, merga Isun lan kanca bisa weruh ukuran rapet tanduran siji lan sijine. Engko isun lan kanca uga ndeleng kelendi mekar mekroke tanduran mau, mesisan nyulami tanduran nawi ana hang mati”, jare Selvi.
Program nandur dadi kegiatan punjer ring Kampoeng Batara. Ndeleng masyarakat desa Papring akeh-akehe tani, mangkane perlu dikenalaken cara nandur kanggone lare-lare sakat magih cilik. Iki kanggo ngilingaken lare-lare mau, supaya sing isin ambi pegaweyane wong tuweke.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






