Ngelestarikan Tradhisi Macaan, Nularaken Nyang Lare Milenial

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 04 Februari 2020 11:06 WIB)
- Laporan



Tradhisi Macaan Lontar ring Banyuwangi, sampek saiki hang magih lestari ana ring Desa Kemiren Kecamatan Glagah. Malah ana rong kumpulan Macaan, tuwek lan enom. Magih ajeg nganakakekn Macaa seminggu sepisan, ambi ditambahi kegiatan arisan. Lontar utawa kitab hang diwaca arane Lontar Yusuf, mergane nyeritakkaen lakon uripe Nabi Yusuf. Tulisane nganggo aksara Arab Pegon. Basane Jawa Kuno, utawa Basa Kawi hang dadi cikal bakale Basa Using saiki iki.

Aja nyacak nguripaken nyang lare-lare enom jaman saiki ring Kampung Using, sedheng hang tuwek-tuwek ring kampung liya njabane Kemiren wis angel diajak nguri-nguri. Ale sak durunge, tradhisi Macaan iki meh meratak ring kampung-kampung Using. "Alhamdulillah, wis setaun iki Isun ambi kanca-kanca wis bisa ngajak lare-lare enom belajar macaan Using. Kawitane Isun nulis latin Lontar Yusuf hang kanggo aksara Arab Pegon, utawa gundul. Aju nerjemahaken nyang Bahasa Indonesia, kelawan cara gedigu lare-lare enom galem maca aju belajar bareng-bareng", ujare Wiwin Indiarti hang gedegaken "Mocoan Lontar Yusuf Milenal".

Ajakane Wiwin hang uga Dosen Univesitas PGRI Banyuwangi lan Peneliti iki, sithik-sithik mulai ulih sambutan teka lare-lare enom. Buku "Lontar Yusup Banyuwangi: Teks Pego-Transliterasi - Terjemahan" hang disusun Wiwin, ndadekaken lare-lare mau gelem maca aju belajar ngelagokaken macane, kaya hang dilakoni wong-wong Kemiren. "Kadhung hang magih njaga tradhsi macaan ring Kemiren akeh-akehe umur ndhuwure 50 taun, naming hang milu Macaan Milenial iki akeh-akehe ngisore 30 taun. Gedigu lare hang belajar mau sing terima teka sak desa Using hang padha, naming teka pirang-pirang desa ring Banyuwangi lan sing kabeh teka keturunan Using", jare Wiwin seneng.

Macaan Lontar Yusup Milenial (MLY-Milenial) mulai resmi ngadeg ulan Nopember 2018, ambi akehe anggota ana puluhan lare-lare enom. Ngawiti kegiatan belajar maca, ambi njaluk wuruk langsung nyang wong-wong Kemiren hang magih ajeg nganakaken tradhisi mau seminggu sepisan. Serta wis bisa lan wani, aju latiane digilir nyang umahe anggota. Utawa kadhung anggota duwe gawe, ngundang kelompok MLY-Milenial iki latihan ring umahe.

"Cara latihan keliling nyang umah-umahe anggota iki, sak liyane ngandung silaturami ambi ngeraketaken seduluran. Naming hang gedhe seru paedahe, yaiku ambi nggugah maning nyang kampung-kampung hang ditekani kadhung macaan iku tau ana lan bisa dipelajari maning. Karepisun, nawi tah marek digu wong-wong mau nduwe kerenteg belajar macaan ring kampunge dhewek-dhewek. Sak sing-singe, angger duwe gawe utawa acara cilik-cilikan ya ngundang macaan", gedigu pengarep-arepe Wiwin.

Wiwin hang megawe bareng ambi Kang Pur, tokoh Desa Kemiren, nyebaraken seneng maca lontar iki, Terus njangkah nguripi lan njejegaken tradhisi macaan ring kampung-kampung Using lan Banyuwangi umume. Malah marek iku, kegiatane lare-lare enom iki aju ulih kawigaten wong akeh. Pungkasane tahun 2019, seni tradhisi Macaan Lontar Yusup aju ditetepaken dadi salah sijine Warisan Budaya Tak Benda (WBWT) ambi Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan RI. "Iki nyenekaken seru, malah bisa nyurung lare-lare enom liyane gelem belajar. Masiya tah marek iku, durung katon wujude. Paran maning kadhung takon perane Pemerintah Daerah, magih durung katon", tambahe alumni Sastra Inggris FIB UGM iki.

Kadhung pelatihan macaan taun 2018 iku ulih dana teka Kementrian Dikti liwat Program Kemitraan Masyarakat, taun 2019 sak teruse ulih sokongan dana teka Lembaga Masyarakat Adat Osing (LMAO). Iku hang terus dilakoni Wiwin sak kanca, Pemkab Banyuwangi liwat dinas terkait, magih durung ana kerentege. "Alahmdulillan taun 2020 iki, kegiatan pelatihan macaan Lontar Yusup tetep bisa diterusakane sak uwise ulih sokongan dana teka Kemendikbud-DIKTI liwat program Kemitraan Masyarakat. Kadhung sak durung lare-lare ulih maca teka Lontar aksara latin, mulia taun 2020 iki kudu maca lontar hang tulisan Arab Pegon. Ini ndudukakeh, kadhung sak suwene latihan macaan iku wis ana asile tambah marekaken nyang cara bengen", pungkase Wiwin.

 

Potrek: Pak Cik 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf