Ngelukis Ring Panggonan Dadi Tradhisi Anyar Gallery Kawitan

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 18 Februari 2020 11:06 WIB)
- Laporan



 

Ngelukis ring panggonan, utawa on the spot, pancen kanggone pelukis profesional wayah hang dieteni-enteni. Sak liyane kanggo ngelatih cepet lan tepak kadung nyawang obyek hang dipindhah ring kanvas, ngelukis bareng-bareng hang obyeke padha, uga bisa dadi alat kanggo nyambung rasa antarane seniman lukis siji lan sijine. "Masiya tah obyeke padha, naming dilukis ambi pelukis hang beda asile ya beda. Iku enake ngelukis, kabeh pelukis duwe kebebasan arep dimodhel kelendi objek ring ngarepe", gedigu ujare Sugiono salah sijine pematung hang milu ewuh nyiapaken "Melukis On The Spot" Gandrung ring Gallery Kawitan, Jl. Kuntulan 135 Banyuwangi.

Rencana iki wis suwe dikarepaken hang duwe Gallery Kawitan, S Yadi K hang uga pelukis senior ring Banyuwangi. Kanggo nguwadhahi karepe pelukis-pelukis enom hang tekade gedhe seru kanggo mujudaken karep ngelukis hang temenanan. "Alhamdulillah ana rejeki sithik, bisa ngundang gandrung didadekaken modhel lukisan. Isun nawakaken nyang lare-lare, kelendi kadhung acara iki dianakaken sak ulan ping pindho. Lare-lare malah karepe angger minggu, ambi model hang macem-macem. Isun minangka wong tuwek, ya manut paran karepe lare-lare", ujare S Yadi K hang uga milu aktif ngelukis bareng.

Masiya rencana iku mung disebar liwat Group WhatsApp, naming  pelukis hang teka sing nyangka-nyangka, sampek ana 20-an pelukis. Sing terima munh teka Banyuwangi Kutha, naming ana uga hang teka Genteng lan Banyuwangi kidulan. "Acara iki pancen wis suwe dienteni kanca-kanca, merga kumpulan lan pameran wis kerep. Naming kadhung kumpul aju ngelukis bareng iku arang. Paran maning aju ana penikmat lan penonton bisa ndeleng langsung, kelendi prosese pelukis mulai nyeket, aju ngeweni werna ring kanvas", jare Yassin, Ketua Forum Perupa Banyuwangi (FPB).

Gandrung hang diundang didadekaken model yaiku Wika, magih buyute Gandrung kawitan Banyuwangi teka Cungking, Mbah semi lan Gandrung Wulan teka Kemiren. Para pelukis sing angger ngundang lan juwut Gandrung hang ana, naming ana pertimbangan anatomi, kaya dedeg lan rupa hang has wong Using minangka cikal-bakal Gandrung. "Malah waktu dilukis, keloro gandrung mau sing kathik nganggo kasut kaya umume Gandrung. Sak liyane iku, modhel gandrung iku ya dikongkon delamak ring lemah ambi njoget", tamhabe Yassin.

Akeh-akehe pelukis hang teka magih nyeket ring kertas, merga dianggep kanggo latihan. Kadhung arep ganti angle ya aju ganti kertas maning, gedigu sak teruse.. Naming ana pelukis hang wis yakin, kadhung model Gandrung iku apik dilukis ring kanvas, mangkane iyane langsung nyeket ring nduwure kanvas aju diliukis lan diuweni kelir ring panggonan. "Alhamdulillah, Kojin, pelukis teka Jelun langsung nggawa kanvas gedhe. Iyane kaya wis nganteni kesempatan iki kanggo ngutahaken uneg-unege ring ndhuwure kanvas. Solah bawane Kojin ngelukis iku ana hang merhatekaken sakat kawitan sampek pungkas, serta mari lukisan spontan mau aju dituku ambi kolektor teka Banyuwangi kene", gedigu jelentrehe Kang Yadi hang pancen raket ambi pelukis-pelukis enom.

Kanggo ngeweni wadhah lan kegiyatan iki mane ana rerusane, rencanane minggu ngarep ngundang Barong Kemiren hang dienggo model. Iki mau asil urunan pelukis kanggo ngundang model, uga nyukupi uba rampe liyane. "Kadhung wis jelas tanggal lan papan panggonane, muga-muga acara iki uga dadi jujugan wisata lan milu ngeramekaken Banyuwangi. Isun dhewek sampek merinding, ngerasakaken tekad pelukis-pelukis enom iki. Kegiatan gedigi iki, dikuwati dhewek mulai nata lan mbandani", pungkase Kang Yadi.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf