Nularaken Ilmu Tabuhan Angklung Nyang Lare-Lare

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 27 Januari 2020 12:14 WIB)
- Laporan



Tabuhan Angklung Banyuwangi, pancen sing padha ambi tabuhan teka dhaerah liya masiya arane padha angklunge. Bedane akeh, mulai laras, carane nabuh, uga aturan kadhung wayah pentas caruk, utawa ketemune rong kelompok angklung ring genjot. Tabuhan angklung pacen kesenian aseli hang akeh wong hang dhemen jaman bengen, malah bisa dadi agul-agule dhaerah kadhung duwe kelompok angklung menangan angger caruk. 

"Angklung Banyuwangi iki pancen has, sakat teka carane nabuh sampek wayah pentase. Iki kesenian tabuhan hang aseli tabuhan, sonder ana bahasa omongan. Kabeh mau dilantaraken ambi tabuhan, mulai dodolan gendhing, kosekan kanggo tandha gendhing bisa dibatak. Kauk tandha seneng lan elok-elokan kanggo hang salah lan kalah, kabeh mau penonton. Panjak tetep nyang tabuhan, sing milu katut nyang suwarane penonton", gedigu ujare Nuno Setejo, Pembina Sanggar Joyo Karyo, teka Sawahan, Banyuwangi.

Nuno ngaku prihatin, ambi mulur kembange tabuhan angklung saiki. Wayah pentas Angklung Caruk saiki dipungkasi ambi tukar, merga sing terima wayah elok-elokan. Penonton saiki sing kaya bengen, hang paham tabuhan lan ngerti endi kelompok hang nabuhe bener lan endi gendhing hang salah. "Saiki merga sing ngerti tabuhan wayah nonton angklung caruk, dadine gampang kepilu ngamuk kadhung ana hang rema lan kalah kaukan. Makane mengarep kudu ditata, mane angklung caruk iki tetep lestari" tabahe Nuno hang anake Soetedjo Hadi, tokoh angklung caruk kondang tahun 1970-an.

Ndeleng kahanan mau, Nuno lan Sanggar Joyo Karyo arep nuleraken ilmu tabuhan angklung hang bener. Pilihan mau keneng nyang Kelompok Sekolah Alam Kampoeng Batara. Papringan, Kalipura. Lare-lare ring kene, wis suwi ajar tabuhan teka ndeleng lan niru. "Iki Sanggar Joyo Karyo ngajak Ginau Bareng, lare-lare Batara diajari nabuh ambi pelatih ring angger-angger tabuhan. Lare hang nabuh saron, hang ngelatih ya pancen cekelane saron. Kelawan cara gedigu, belajare mane tuntas", tambah Nuno.

Widie Nurmahmudy, hang duwe Sekolah Alam Batara, ngaku seneng diajak megawe bareng ambi Sanggar Joyo Karyo. Liwat ginau bareng iki, lare-lare Batara dikarepaken bisa temen lan patheng kadhung tabuhan. "Lare-lare kan sing tau weruh wujude angklung caruk, hang diweruhi tabuhan angklung aju pentas ana hang njoged. Kadhung sithik-sithik mulai diwarahi nyang tabuhan caruk, mesti mentale kudu siap temenanan. Sing bisa belajar mung alak athung, kadhung kepingin menang nang angklung caruk mau. Semono uga, lare-lare diajari jujur lan ngakoni kadhung ana kurange lan lebihe lawan", jare Widie hang mulai tahun 2015 ngurumat lare-lare Kampoeng Batara lan sak umbruk kegiatane.

Megawe bareng antarane Sanggar Joyo Karyo lan Kampoeng Batara, arep  diterusakaken lan dadi model nularaken ilmu tabuhan nyang lare-lare cilik. Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB). dr. Taufiq Hidayat milu seneng lan adoh-adoh nekani nyang Papringan, sak perlu ngeregani ihtiar iki lan kanggo ngompa karep tekade lare-lare.

"Isun seneng ambi acara iki, merga mecungule teka masyarakat kanggo lestarine kesenian dhaerah. Sing kira kabeh arep dipasrahaken nyang pemerintah, merga akeh seru kekurangane. Ambi cara gedigi,  mengarepe kesenian tabuhan angklung sing kira kekurangan bibit. Isun ya kepingin, model iki bisa ditiru kelompok-kelompok Angklung liyane, nularaken ilmu tabuhan nyang lare-lare. Naming kudu dikonsep hang apik, mane lare-lare iku bisa lan ngerti kelendi setuhune tabuhan angklung caruk iku", ujare dokter Taufik hang uga Kepala RSUD Genteng iki.

Kadhung mulai lare-lare wis ngerti lan paham nyang tabuhan, tambah Dokter Taufiq, masiya mbisuke sing dadi panjak kadhung gedhe, didia penonton ya penonton hang ngerti. "Sing perlu kuwatir maning, kadhung ana angklung caruk mesti dipungkasi ambu tokar. Pancen bengen ambi saiki kahanan masyarakt wis beda. Bengen sak kampung kabeh isine wong Using, saiki macem-macem suku bisa urip bareng lan padha seneng angklung pisan. Wayah ana Angklung Caruk ya padha milu nonton. Nah ring kene iki bedane wong Using ambi hang duduk Using, sing gampang panas atine lan muringan kadhung ana hang madani lan nggojlok", gedigu pungkase Ketua DKB.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf