Puter Kayun lan Nonik-Nonik Landa
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 03 April 2026 07:17 WIB)
- Opini
Saben tanggal 10 Sawal, masarakat Boyolangu nggelar ritual Puter Kayun ambi nunggang dhongkar ampyak-ampyakan nyang Watudodol. Naming 30 Maret sore ketepakan tanggal 10 Sawal, iring-iringan dhongkare dipeligukaken melibengi kutha. Apuwa? Dalanan ring sak ubengane Ketapang hang dadi jalure Puter Kayun macet edan-edanan, sakat sedurunge lebaran.
Dadi ulih tah gedigu rituale? Kelendi bisa ana Puter Kayun nong jero kutha?
Kadhung ngomong sah usinge, emane Puter Kayun iki mung sukur teradhisi profan, anyar lan hing ngelibataken danyang-dhanyang desa hang bisa ngamuk kadhung lakune teradhisi hing kaya kekarepane.
Biyasahe Puter Kayun dilakoni wong-wong Boyolangu, nunggang dhongkar nuju Watu Dhodhol. Gadug ring kono, aju selametan, mangan jak akehan lan ana hang langi-langian ring pesisire.
Iku kabeh merga ana wekas hang kudu ditetepi kerana buyute wong Boyolangu Ki Martajaya hang bengene tau dadi tukang ngeramut jarane Bupati Banyuwangi kawitan hang aran Mas Alit.
Ki Martajaya hang kejuluk Ki Buyut Jaksa merga diangkat dadi jaksa agama manggon minggir ring Alas Silangu (saiki diarani Boyolangu). Iyane manggon ring pondhoke Kik Lemani kang duwe anak arane Nuriman.
Sewijine dina ana wong telu punggawane bupati iku nemoni Buyut Jaksa sakperlu nyampekaken pesene Mas Alit.
Ki Buyut Jaksa pungkasane nyeluk raja jim, kanggo njaluk tulung ngatasi dalan hang kebebeng watu.
Raja jin sedurunge mbantu, njaluk telung sarat. Yaiku, siji, wong-wong dipenging ndhodhol lebih teka anjir kang wis dipastekaken. Loro, raja jim digawekaken panggonan lungguh ring wetane dhodholan watu kang parek ambi segara. Telu, Ki Buyut Jaksa lan sak anak turunane kudu gelem nyambangi panggonan lungguhe iku.
Marek ditulung, Ki Buyut Jaksa tetep njaga semaya nang raja jim kelawan marani panggonan iku saben taun. Merga adoh, wong-wong Boyolangu, anak turune Ki Buyut Jaksa, nunggang dhongkar, ampyak-ampyakan puter kayun saben ulan Sawal nang Watudodol.
Cendheke cerita, kelawan bantuan tentara jim, watu hang nutupi dalan bisa didhodhol.
Kanggo mengeti utusan kang aran Singa Teruna, Singa Maya, lan Singa Dilaga ahire wong jak telu iku diopahi panggonan. Saiki panggonane kesuwur aran Singotrunan, Singomayan lan Singodilagan (mburine kantor Pos).
Gunung watu hang didhodhol sampek dadi dalan lan ninggali tetenger kelawan sebutan Watu Dodol.
Dadi setemene Puter Kayun nang Watudodol iku mung njaga semaya hang diwekasi ambi buyute. Wayakendi waktune iku mung kesepakatan mburi-burian.
Mula silaturahime dina Senen sore iku hing kedaden naming arane sanja bisa dilakoni ring dina liyane, nganteni selane dalan. Nawi ndeleng akehe montor saben Sawal, wong-wong tuwek Boyolangu kudu nemtoaken dina liya hang lebih cocog ngelakoni Puter Kayun nyang Watudodol.
Aju kelendi hang Puter Kayun melibeng kutha mau? Embuh sakat kapan Puter Kayun nyang Watudodol iku dilakoni ambi wong Boyolangu, naming Puter Kayun ring njero kutha wis ana sakat jaman Landa.
Jare ruwahe Wak Hasnan Singodimayan, jaman Indonesia durung merdheka, saben soren akeh nonik-nonik Landa nunggang dhongkar puter kayun melibeng kutha.
Nawi kudune ana acara pestipal Puter Kayun melibeng kutha nganggo dhongkar Boyolangu seliyane Puter Kayun nyang Watudodol?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.