Sekolah Kebunsimacan, Kepingin Ditekani Kadiknas Banyuwangi

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Februari 2020 18:13 WIB)
- Laporan



Sekolah Dasar Negeri (SDN) 4 Kluncing hang manggon ring Kampung Kebunsimacan, Kecamatan Licin, teka ngarep katon rijig lan apik. Paran maning, latare ya wis rata dipaving. Naming kadhung diparani menjeru, aran pyan utawa plapone akeh hang jebol. Kadhung usum udan kaya saiki, genthenge akeh hang bocor. "Untung bain udan ring kene akeh-akehe soren, tepak lare-lare wis mulih sekolah. Naming isuk-isuk arep mulai pelajaran anyar, lare-lare kudu ngepel sulung pecake bocore banyu udan sedina sak durunge", gedigu ujare Madsalim, Kepala SDN 4 Klucing.

Madsalim asale teka Banyuwangi kutha, diangkat dadi PNS lan mulang ring SDN 4 Kluncing sakat Januari 1982. Panggon SDN 4 Klucing dhewek, sakat bengan sampek saiki status lemahe magih nyilih nyang perkebunan swasta hang ana ring kono. "Mulane arep ndadani seru-seru, magih ana alangan ambi kahanan lemahe magih durung sah duwene sekolah. Isun ambi kanca-kanca guru ring kene, seru kepingine ditekani Kepala Diknas Kabupaten Banyuwangi. Mane weruh kahanan sekolah sak mestine, kelendi sarane guru-guru hang ning ngisor iki", digu pengarepe Madsalim hang wis umah-umah ulih wong Kluncing uga manggin ring Kluncing.

Bengen ambi saiki pancen beda temenan, sakat teka bangunan lan dalan nuju nang Kampung Kebunsimacan. Masiya tah saiki magih kaya desa adoh seru tapi wis rada enak kadhung dibanding jaman taun 1980-an kawitan SDN-4 Kluncing ngadeg, magih adoh endi-endi lan dalane magih durung kaya saiki. "Isun bengen manggon ring Licin, iku angger isuk mangkat jam 5 tekan kene setengah 7 isuk, Saiki kanca-kanca sing sampek gedigu, paling adoh seperapat jam teka umah wis nggadug panggonan", tambah Madsalim.

Lare-lare Kampung Kebunsimacan 40 taun kepungkur wis beda ambi saiki, bengen arang hang sampek lulus SD. Naming saiki wis akeh hang lulus SD, malah mulai 2 taun kepungkur wis akeh hang nerusakan nang SMP. "Akeh uga hang melebu nerusaken nang Pondok Pesantren, tapi ring kono kan ana sekolahane tingkat SMP. Alhamdullilah wis ana perubahan, kari ngenteni lare-lare kene nerusaken sampek kuliah", angene Madsalim nyang lare-lare KPBS hang pengabdian ring Kampung Kebunsimacan.

M. Riswan Efendy lan M Rizal Farkhani makili KPMBS nambahi cerita, kadhung iyane sak kanca kepingin weruh kahanan kampung  Kebusimacan, sak perlu ngewani weruh kelendi angele urip ring panggon kepencil. KPMBS duwe dalan marek nyang pejabat lan instansi terkait, mane gelem mudhun lan mbantu hang dibutuhaken masyarakat Kebunsimacan. "Sore wayah kerjabakti buru diweruhi, kadhung banyu sumber hang dijagakaken warga kene miline sing anter. Sak liyane kurang dirumat, uga kudu ana alat jetpam kanggo nyedot banyu munggah lan ditampung ring tandon, mane bisa dienggo wong akeh. Iki engko Sun gawe laporan nyang Pak Wakil Bupati Banyuwangi, Yusuf Widiatmoko, merga acara iki wis ulih idin teka iyane", digu pungkase Riswan nyang tokoh masyarakat Kebunsimacan.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf