Setaun Ninggale BS. Noerdian, Beraya Nggandhang Gendhinge

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 07 Februari 2020 11:07 WIB)
- Laporan



Labuh lakune BS Noerdian, utawa Man Basir ring jagad seni gendhing Banyuwangi wis kawentar sing ana tandhing. Sak arat-arat gendhing hang dianggit, sakat mulai tahun 1960-an wis ngumandhang ring langit Bumi Belambangan. Malah sing sithik, gendhing-gendhinge didadekaken tembangan koor milu lomba internasional. Sak liyane digawakaken mahasiswa Indonesia hang milu lomba internasional, uga digawakaken mahasiswa internasional.

“Iki kebeneran ana acara keluwarga pada kumpul ring Wongsorejo, mesisan  ambi mengeti setaune Pak Dhe Basir. Dulur-dulur mau sak uwise pengajian, aju padha gendhingan. Kanggo dulur-dulur hang tuwek, magih apal gendhing-gendhinge almarhum hang populer ring jamane. Naming kanggo anak lan putune, wis arang hang weruh lan bisa nembangaken. Malah hang dipilih gendhing Using anggitane lare-lare enom”, gedigu ujare Nany Asiani, Keponakane BS Noerdian hang saiki dadi Penilik Sekolah ring Banyuwangi.

Acara nggendhing bareng berayane BS Noerdian iki, pancen arang dianakaken. Malah akeh beraya liyane, utamane hang magih milenial, buru ngerti kadhung Anange iku seniman gedhe hang wis wangi arane nang endi-endi. “Buktine serta Sun wacakaken riwayat uripe lan labuhe nyang kesenian, lare-lare enom mau mung meneng. Malah serta wayah giliran gendhingan, iyane milih gendhing-gendhing anggitane lare enom. Sing weruh kadhung atusan gendhing diasilaken ambi Man Basir”, ujare Elvin Hendrata, salah sijine beraya hang duwe kawigaten nyang gendhing-gendhing lawas Using.

BS Nordian, utawan Mas Basir, lair 5 Januri 1934 lan ninggal dunya 29 Januari 2019, utawa setaun kepungkur. Sakat magih enom wis penter ngunekaken sembarang tabuhan, embuh hang tradhisional utawa hang moderen. Getih senine diwarisi teka Anange, Mbah Darji, hang duwe Janger kawitan ring Kelembon.

Kawitan anggitane arupa gendhing Basa Indonesia judule “Senja di Pantai”, diuwot ring Majalan Taruna tanggal 25 Januari 1961. Aju marek iku mberojol atusan anggitane arupa gendhing hang syaire ditulis wong liya, uga syair lan gendhinge iyane dhewek hang nganggit. Almarhum kesuwur kadhung megawe temen lan temenanan, malah wayah nganggit gendhing “Umbul-Umbul Belambangan”, butuh waktu setaun lebih kanggo mujudaken dadi gendhing hang syaire ditulis Andang CY.

“Isun kepingin, acara kaya gedigi iki dianakaken terus angger tahun. Mane lare-lare enom, utama berayane dhewek bisa ngeregani nang seni lan kesenian. Ambi cara gedigu, beraya-beraya iki uga milu seneng kadhung wis ana hang dadi tandha nang laku sejarah kesenian ring Banyuwangi”, ujare Kombes Pol. Rudi Hartono, salah sijine beraya hang tugas ring Mabes Polri.

Tandha-tandha anak turune Mbah Darji iku milih getih senine, kebukti hang dilakoni Haji Rusdi hang dadi pengusaha lobok ring Wongsorejo. Ambekono dadi pengusaha lan sing ana kaitane ambi kesenian, naming malah ngumpulaken lare-lare enom latian Banda lan Handrah. “Malah hang ngiringi gendhing iki, kabeh magih BS Noerdian. Acara ngumpulaken belung pisah iki, seru tepake kanggo ngeragani nyang embah burut bengen lan kiprahe wios jelas ring jagad kesenian Banyuwangi”, pungkase Haji Rusdi.

Artis Banyuwangi jaman bengen, Mbok Sumiyati uga teka nyang acara iku. Ngakune kadhung diurut-urut magih ketemu dulur nyang BS Noerdian. Malah Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), dr. Taufiq Hidayat, uga milu nekani. "Isun sak liyane uga magih ana sambung dulur, uga kepingin ngeregani nang acara iki. Bisa dianakaken angger taun, lan dibungkus hang apik. Paran maning kadhung ana lomba gendhing, husus gendhing anggitane BS Noerdian. Iki bisa tambah nyata wujud seneng lan welase beraya nyang almarhum BS Noerdian", jare Ketua DKB hang wis pangsiun teka Direktur RSUD Genteng iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf