Sing Direken Pemkab Banyuwangi, Warga Papring Urunan Ngaspal Dalan Dhewek
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 24 Februari 2020 08:12 WIB)
- Laporan
Sing omes ngeteni Pemerintah Kabupaten Banyuwangi mudhun ngaspal dalan desa hang wis puluhan taun rusak, warga Lingkungan Papring Lan Lingkungan Wangkal, Kelurahan Kalipuro Kecamatan Kalipuro, pungkasane ngaspal dhewek dalan lingkungan hang dawani telung kilometer. Mane sing diaku ambi Pemerintah hang duwe kewajiban mbangun dalan iku, warga nggawe poster, tulisane : "JALAN INI HASIL SWADAYA MASYARAKAT, BUKAN DANA DARI PEMERINTAH".
"Iki warga lingkungan Papring lan Lingkungan Wangkal, padha urunan kanggo tuku aspal kanggo mbecikaken dalan. Angger minggu bisa ngumpul picis gedhene Rp. 80 ewu sampek Rp. 1 Juta 200 ewu, aju ditukoaken aspal ring Bangsring lan Ketapang. Warga ngersaya gentenan, dina Rabu lan Sabtu sampek saiki aju diaspal sampek pungkas. Kanggo mangan lan ngombene, ulih sumbangan uga teka warga hang parek dalan", gedigu ujare Musfofa, tokoh Pemuda ring Lingkungan Papring.
Mustofa nambahi, wis bolak-balik ngusulaken nyang pemerintah sakat kawitan bupatine dijabat Abdullah Azwar Anas, naming sing tau direken. Tahun 2018, warga ya tau urunan kanggo mbecikaken dalan iki, tapi wis rusak maning. "Serta wis melaku ambi dana urunan, utawa jare wong kene Dana Bantingan, teka Kelurahan Kalipuro buru alok. Pihak Kelurahan mangluh, apuwa mbangun dalan kok nariki urunan teka warga? Alae Lurah Slamet Suryono kadhung dijaluki sumbangan, paling nguweni mung Rp. 10 ewu", ujare Mustofa hang dadi Penggerak Lare Enom ring Lingkungan Papring.
Ale sak durunge, Bupati Banyuwangi ring kawitan mimpin, kerep ngomong kadhung mbangun dalan desa iku arep diutamakaken. Tahun 2016, seru antere aran sistem private partnership hang digembar--gemboraken Bupati Anas, liwat media Nasional. Sistem Private Parnership iku, rakyat utawa warga hang dalane rusak nyiapaken dana kanggo mbayar tukange, Pemkab hang nekakaken aspal lan selinder, uga ana swasta hang nyiapaken material. Jare jaman sak mono program iku efektif, kanggo ngelancaraken dalan ring desa-desa kepencil.
"Buktine dalan Papring-Wangkal hang uga jurusan nyang Kampung Batara lan panggon Wisata Bukit Sewu Sambang, puluhan taun sing direkem ambi Pemerintah Kabupaten Banyuwangi. Angger taun wis ngajokaken nyang pemerintah, naming sing tau ana asile. Pungkasane ya iku karepe warga ambi dikuwati dhewek, urunan sak iklase. Wis gedigu, magih dijalukaken urun ternaga lan panganan. Iki mau serang kepingine warga, mane dalane rata paran maning usum udan kaya saiki", tambahe Mustofa.
Kepala Dinas Pekerjaan Umum (PU) Cipta Karya dan Penataan Ruang (CKPR) Mujiono, nyang Media njelasaken, kadhung taun iki Pemkab Banyuwangi nyediakaken dana Rp 375 miliar kanggo sektor infrastruktur, mulai dalan, sasak, sampek infrasukrtur pendukung pertanian. "Alah omong lan janji thok, buktine dalan mung telung kilometer wis puluhan taun sing direken", ujare wong-wong hang ngersaya mau.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






