Warga Kampoeng Batara Ajar Nulis ring Komputer
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 13 Januari 2020 10:18 WIB)
- Laporan
Warga kampoeng Batara, Desa Papring Kecamatan Kalipuro, Banyuwangi, katon seneng wayah ana Kelas Cerdas. Wong-wong desa mau sak liyane diajari Basa Inggris lan pelajaran liyane, uga dijari carane nulis ring Komputer. “Iki bagiyan teka pengembangan pembelajaran bareng masyarakat Papring, utamane wong-wong tuwek hang medhot sekolahe. Ana hang sing lulus SD, SMP lan SMA”, jare Widie Nurmahmudy, hang duwe Kampoeng Batara.
Kampoeng Batara dhewek mulai diweruhi uwong akeh sakat taun 2015, iku merga polah lan dayane Widie Nurmahmudy hang uga wartawan. Wis akeh lembaga swasta lan pemerintahan, uga perusahaan swasta mara nyang Kampoeng Batara, kepingin weruh urip sedina-dinane lalare lan wong Papringan iki. Malah teka labuhdayane Widie, wis pirang-pirang penghargaan diterima teka Pemerintah Pusat.
“Kadhung kegiyatan pembelajaran iki, megawe bareng ambi Korwilkersatdik Kecamatan Kalipuro hang nyawisi modul pembelajaran lan hang mulang, utawa tutor. Peserta iki diarani kelawan istilah Kelompok Belajar, utawa Pokjar Kampoeng Batara, ambi manggon ring Paket A kanggo hang sing lulus SD lan sederajat, Paket B kanggo hang sing lulus SMP lan Paket C kanggo Pokjar hang sing lulus SMA”, gedigu jelenterehe Widie
Salah sijine materi hang diwulangaken tutor mau, ngenalaken Basa Inggris lan Program Latihan Komputer. Kanggo belajar Komputer dhewek, tujuan dienggo miloni ujian Nasional kelas Paket B lan C hang basise UNBK. “Bek seneng seru wong-wong mau serta diajari nulis ring Komputer, masiya tah Laptop hang dienggo silihan duwene tutor. Naming padha nyimak lan gentenan nulis ring laptop. Angen-angene kandhung Kampoeng Batara duwe laptop utawa Komputer cukup, wong-wong mau kepingin ginau terus”, tambahe Widie.
Merga magih sarwa kurang, proses belajar mau manggon ring emperane umahe warga. Kanggone Tutor Kumputer, Korwilkersardik Kalipuro ngajak Mahasiswa Banyuwangi Cerdas ring kelas Paket B lan Paket C. Kadhung kanggo kelas Paker A, diwulang Tim kampoeng Batara lan guru teka Papring.
“Kadhung weruh semangate warga belajar, paran maning tepak kelas Komputer, seru girange. Wong-wong mau sabar lan kanti, masiya kudu antri wayah praktek nulis kalimah ring Komputer. Alat-alat hang sarwa kurang, temekakaken sing ngurangi tekade wong-wong Kampoeng Batara kepingin bisa kaya masyarakat liyane” pungkase Widie.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






