Warung Aspirasi, Sing Mung Warung Panganan
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 03 Februari 2020 10:33 WIB)
- Laporan
Angger malam Ahad, saiki ring Desa Lemahbangdewo ana Warung Aspirasi. Warung iki sing mung adol panganan, naming uga adol informasi lan uga komunikasi. Wong hang teka merana bisa uga ulih informasi ring bab program-program desa lan program-program pemerintahan liyane.
Tanggal 1 ulan Pebruari 2020, Warung Aspirasi diangkati lan digelar kawitan. Warung Aspirasi hang digagas BPD (Badan Perwakilan Desa) Lemahbangdewo iki kelebu inovasi hang siji-sijine digawe BPD sak Kabupaten Banyuwangi. Merga inovasi-inovasi liyane biyasahe digagas ring Pemerintah Desa utawa Pemerintah Badan Eksekutif Desa, naming iki dianakaken ring Badan Legislatif Desa.
Abdurrachman, Ketua BPD Desa Lemahbangdewo kepingin desane nduwe inovasi kanggone masyarakat, sak suwine iki masyarakat magih luput-luput ulihe kabar-kabar. Merga iku iyane lan anggota BPD dikumpulaken aju urunan kanggo nganakaken inovasi iki. Nurut Abdurrachman maning, Warung Aspirasi iki karepe Warga Ngusung Aspirasi lan Komunikasi.
Sakliyane panganan lan umbenan hang didhasar ring kene kayata, sate pitik, mie goreng lan liyan-liyane, Ana uga umbenan hang didoyani lare-lare enom saiki hang padha ambi ring kafe-kafe ana uga kopi hang nggawene lan rasane kaya ring kafe mauka. Iki kabeh sakjane mung nerusaken usahane masyarakat hang wis ana makene sing urip dhewek-dhewek naming bisa guyup ana ring Warung Aspirasi.
Edi Sunarko Kepala Desa Lemahbangdewo ring sambutane seru dhemene lan kepingin inovasi-inovasi iki diterusaken nyang dusun-dusun ring Desa lemahbangdewo hang bisa njunjung potensine dusun-dusun ring Desa lemahbangdewo. Ring dina hang sing adoh teka saiki, Kepala Desa Lemahbangdewo uga wis nyawisi program liyane, Lemahbangdewo Bersinar yaiku program Desa lemahbangdewo Bersih teka Narkoba.
Sakteruse Camat Rogojampi hang diwakili ambi Sekcam, Edi Basuki, uga kepingin Desa Lemahbangdewo iki jenggirat maning lan dadi pelopor ring desa-desa liyane ring Rogojampi, Hang kaya ana ring desa Mangir Warung Rondo, Ring Aliyan Pasar Latar. Ring pidatone Pak Edi uga ngajak kabeh masyarakat nekani Warung Aspirasi makene bisa gesah lan gawe inovasi-inovasi liyane.
Warung Aspirasi iki sakteruse arep dianakaken angger ring malam Ahad manggon ana ring Dusun Satriyan Desa Lemahbangdewo, Kecamatan Rogojampi. Sakliyane bisa ngopi, marung lan golet panganan liyane ring kene bisa takon-takon nyang program-program desa, program-program pemerintahan desa uga bisa takon program-program ring Banyuwangi hang saiki dilakoni. Katone Masyarakate padha guyup lan nekani gelar kawitan iki ambi ndelelng angklung hang dimainaken anak-anake. Muga-muga bisa melaku lan sing mandheg kaya hang uwis-uwis.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






