Yon’s DD: “Wong Banyuwangi Magih Setengah-setengah Ngergani Seniman”
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 21 Februari 2020 11:04 WIB)
- Laporan

Sapa hang sing kenal ambi gendhing “Semebyar”. Gendhing iki wis anjrah ana ring bumi Nusantara iki. Paran maning “Suwara” uga “Tetese Eluh”. Gendhing-gendhing iki mau diudhar ring proses kreatipe Yon’s DD ring acara “Gesah Tuwek” hang digelar ring Sanggar Genjah Arum, Kemiren Banyuwangi. 20 Pebruari 2020.
Yons’ DD hang dadi salah sijine narasumber nong gesah iku njelentrehaken kelendi setemene gendhing-gendhinge iku kabeh bisa digawe. Bareng ambi Catur Arum nyatane iyane akeh gawe cerita nong gendhing kelebu uga gendhing “Suwara” hang saktemene nyeritakaken wong hang wis sing ana ring alam dunya iki naming bisawekas nyang wong hang ditinggal mati.
Yon’s DD iki kelebu pentholane POB (Patrol Orkestra Banyuwangi) sakliyane Catur Arum. Kang Yon’s hang wis melebu metu ring seni musik Banyuwangi wis sakat bengen menganan band-bandnan ring tahun 90-an iki seru gethune iyane pullet-tukar nong urusan musik lan gawe gendhing. Iyane nyeritakaken kelendi nyatane kadhung Wong Banyuwangi sakjane mung setengah-setengah ngergani seniman Banyuwangi, alihe seniman-seniman iki wis kepara nyata dadi wadah lan panggonan nggo njunjung derajate Banyuwangi ana ring kiprah Nasional.
Yon’s DD hang uga kedhapuk dadi pengurus ring persatuan pencipta lagu lan gendhing using Banyuwangi, sakat bengen sak marine kapal kerem hang ngorbanaken kembang atine Catur Arum dadi kumpul Catur Arum merga iyane dhemen ambi gendhing anggitane Catur Arum.
Sakdurunge menganan nong Patrol Orkestra Banyuwangi (POB) iyane wis mengan musik band. Sakat band-bandnan sepi tanggapan merga ana musik elektone iyane mangkat memengan musik-musik akustikan biasa ambi nggawe-ngawe gendhing. Tahun 2000 iyane mangkat kumpul ambi Catur lan kanca-kanca liyane hang padha-padha dhemen gawe gendhing, aju gawe grup POB (Patrol Orkestra Banyuwangi). Sakteruse tahun 2002 bisa rekaman kaset album “Layangan”. Alhamdulillah bisa ngehit.
Gendhing-gendhinge wong lanang hang duwe kelahiran Banyuwangi 24 April 1963 iki nyata enak temenan lan bisa melegenda sing kalah ambi “Ulan Andhung-andhung”, “Tanah Kelahiran”, lan “Gelang Alit” "Kanca Lawas", "Rehana", lan liyan-liyane hang wis anjrah sakdurunge.
Sakliyane Semebyar gendhing hang enak uga ana antarane; “Mawar”, “Ping Pindho”, lan “Gandrung Using” hang liyane digawe ambi Catur; “Tetese Eluh”, “Layangan” “Telung Segara”, “Semendhe ning Dhadhane” lan “Angin”,
Sampek saiki Kang Yon’s DD hang duwe aran asli Triyono Adie iki magih pullet ring kesenian khususe seni Musik. Ring tahun 2015 iyane ambi kanca-kanca seniman Banyuwangi mandhegani “Lalare Orkestra”. Yaiku panggonane kumpul lare-lare cilik hang belajar tabuhan lan gendhing Banyuwangi kanggo nguri-uri keseniane dhewek.
Ring “Gesah Tuwek” hang digagas ambi KPP (Kantor Pelayanan Pajak) Pratama Banyuwangi Kang Yon’s DD ngajak kabeh hang nekani gesah nggo ndeleng pergelarane ring dina Jemuah, 21 Pebruari 2020 manggon ana ring Hotel El Royal Banyuwangi, jam pitu bengi mari sembahyang Isak.
Ring kana digelar gendhing-gendhinge iyane ambi Catur Arum yaiku gelar “Tribute Tamba Kangene Ati”. Gendhing-gendhing lawas hang wis diceritakaken ring “Gesah Tuwek” arep digendhingaken bareng Adistya Mayasari, Reny Farida, Arif Citeng, Candra Banyu, Anggun Pramudita, Neno, lan Supinah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Gesah Tuwek
Editor: Nur Holipah