Adang lan Istilah-istilahe (Bagiyan 2, pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 17 Februari 2024 08:21 WIB)
- Kolom Bahasa Using
![](https://belambangan.com/assets/upload/foto_artikel/Adang_lan_Istilah-istilahe_(Bagiyan_2_teka_3)-79740.jpg)
Wis anjrah kanggone wong Indonesia panganan pokoke yaiku sega. Semono uga wong Using Banyuwangi, saben dinane panganan utamane yaiku sega. Ana istilah husus kanggo mangan sega yaiku madhang, kadhung mangan bisa paran bain. Iki terusane tulisan Adang lan Istilah-istilahe bagiyan 2 (pungkas):
Saksuwene ngekum beras, proses hang dilakoni yaiku:
d. Ngindel dandang, dandang hang wis diisi banyu digodhog ring ndhuwure Bengahan. Bengahan iku aran liyane tungku/tumang. Ring samping kiwa tengene bengahan biyasahe ana bolongan maning hang diarani wirungan. Wirungan kanggone ngaruh gawe, kadhung adang disambi ambi olah jangan, pancine diindel ring wirungan. Dadi adang ambi olah jangan utawa olah iwak, bisa dilakoni bebarengan sing katik nganteni segane dientas. Istilah Bengahan ambi wirungan iki kadhung jaman saiki yaiku kompor dua tungku. Kadhung indelan dandang mau wis magkat gemulak, proses sakteruse yaiku:
e. Napung beras, nublek/ngelebokaken beras nyang kukusan aju ditutup nganggo kekeb. Kekeb iku tutup hang digawe teka lemah lempung kanggo nutupi kukusan tepak wayah adang utawa ngukus panganan liyane.
f. Nyencem, beras hang wis karon ditublek nyang cethok/pengaron aju disiram wedang hang ring dandang mauka. Wedang hang disiramaken nyang sega karon (sega setengah mateng) mau tergantung ambi uwonge. Kadhung kepingin segane lemes wedange ya rada akeh. Kadhung segane kepingin rada kaku hang istilahe kemerotok, ya wedange sithik bain. Sega Karon mau diuled sampik rata aju ditutup kekeb lan digeningaken sampik wedange asat.
g. Napung Karon, sega karon hang mari dicencem ditublek maning nyang kukusan lan ditutup kukusan aju dimasak sampik sega mateng. Kadhung kepingin segane sing gelis mambu lan enak, kudune segane kudu sampik Lepah, yaiku segane mateng temenanan. Sakdurunge Napung karon, dandang ring bengahan kudu diwantoni maning yaiku banyu ring dandang ditambahi makene sing asat tepak matengaken segane.
h. Nyansam (Sansam), ring tengah-tengahe napung karon, kadhung sega emeh mateng segane kudu disansam. Tujuwane segane makene sing garing tepak dientas teka kukusan.
i. Nyulik, njuwut sega hang magih ana ring kukusan. Biyasahe kadhung duwe anak cilik hang wis elom lan sing kanti ngenteni sega dientas dijuwutaken sithik teka kukusan hang magih diindel ring bengahan.
Sega hang wis mateng aju dientas diwadhahi kemarang hang cara Jawane diarani wakul. Kemarang wadhah sega hang digawe teka jajang, saiki wis ana hang digawe teka plastik. Uwahe jaman, kemarang wis arang dienggo maning mergane kadhung suwe ring kemarang segane gampang garing. Kadhung wis nginep segane ya gelis mambu utawa dadi wadhang. Makene segane awet lan tetep anget, saiki sega mateng dilebokaken nyang Magicom.
Sega adhem hang sing kepangan timbang dibuwang eman-eman. Bisa digawe kerupuk sega/kerupuk puli lan dipepe dadi cengkaruk. Cengkaruk iki bisa diadang maning dadi sega cengkaruk. Sakliyane diadang maning, cengkaruk keneng dienggo gawe jajan satu lan uga dienggo pakane pitik utawa bebek. Jare kadhung pitik utawa bebek dipakani cengkaruk gelis ngendhog lan akeh warenge.
2. Ngeliwet
Ngeliwet yaiku ngolah beras dadi sega hang prosese sing kari dawa lan sing kakeyan pekakas. Biayasahe ngeliwet iki butuhe segane sing kariya akeh. Carane ngeliwet yaiku beras hang mari dipucusi aju digodhog ring pendhil utawa panci cilik sampik asat lan mateng.
Ngeliwet iki kanggone wong hang gupuh arep madhang lan aras-arasen arepe adang merga wis dalu. Kadhung sing ngerti carane ngeliwet, bisa-bisa sing dadi sega liwet malah dadi jenang. Makene sing dadi jenang, tepak ngeliwet tajine (air rebusan beras) kudu dibuwang utawa disuda. Hang sing tau kelalen kadhung ngeliwet yaiku mesthi ana intipe (kerak nasi) hang jangget ring pendhil utawa panci. Intip iki ya enak dipangan.
3. Ngeroncong/Nyubluk
Ngeroncong iki proses ngolah beras dadi sega hang emeh padha ambi adang, naming ngeroncong iki sing katik nyencem. Biyasahe ngeroncong iki nganggo sublukan utawa panci hang ana sarangane. Carane beras hang mari dipucusi aju digodhog ring panci kaya ngeliwet. Kadhung berase wis setengah mateng (karon) aju dientas, dipindah nyang sublukan hang nganggo sarangan. Sarangan iki gunane dienggo gantine kukusan. Beras hang karon dikukus sampik mateng. Akeh-akehe adang cara ngeroncong ambi ngeliwet iki berase sing kathik diekum.
Sakliyane carane ngolah beras dadi sega hang wis kesebut ring ndhuwur mauka magih ana siji maning yaiku lonthong.
4. Lonthong
Lonthong iki panganan teka beras hang nggawene paling suwi timbang teka adang, ngeliwet utawa ngeroncong. Sakmarine beras dipucusi rijig, aju diekum sulung. Kadhung kum-kuman berase wis cukup aju dibungkus nganggo godhong gedhang. Godhong hang apik dienggo mbungkus lonthong yaiku godhonge gedhang keluthuk utawa gedhang saba. Nggodhog lonthong sampik mateng iki butuh waktu kira-kira telung jam sampik lepah temenanan. Kadhung nggodhoge kurang suwi, lonthonge gelis mambu. Lonthong iki kelebu olahan beras hang rada awet sing gelis mambu. Enak lan usinge lonthong uga tergantung ambi berase.
Wong bengen kadhung menyang adoh, bontotane nggawa lonthong timbang sega. Alasane sakliyane sing gelis mambu, lontong uga kerasa adhem ring weteng lan sing nggarahi gelis elom. Dadi cocog kanggo bontotan menyang adoh.
Yaiku pirangane cara ngolah beras dadi panganan lan istilah-istilah hang dienggo. Cara lan istilah iki hang sun weruhi minangka ring desanisun. Isun yakin ring liya desa ana istilah hang bida kanggo nyebut tata cara proses iku mau. Bisa bain magih ana istilah hang sing sun weruhi lan sing kesebut ring kene.
(Satria Pujangga)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Satria Pujangga
Editor: Hani Z. Noor