Anggitane: DANU QURNAINI
(Minggu, 01 Februari 2026 07:08 WIB)
(Cerita Cendhek) Lakune Sepur Nyang Pucuk Jawa
Lakune Sepur Nyang Pucuk Jawa
Bagas melencat kegirangen rungu uni suwarane sepur hang teka “Tut… tut…!” ring Setapsiyun Gubeng Surabaya. Dina iki, wektu hang mula iyane anten-anteni. Ambi nggawa tas ransel hang gedhe, Bagas arep menyang melaku-melaku nyang Banyuwangi. Iyane wis mbayangaken lungguh ning jerone sepur hang dawa, ndeleng kaendahan alam teka walike cendhela kacane sepur hang gedhe. Sepur Wijayakusuma hang gagah wis mandheg ning ril nomor siji, kelire putih ana poleng birune, katon kuwat lan rijig. Bagas agage nggoleti gerbong nomor lima lan lungguh ning parek cendhela. Wayah sepur mangkat melaku edheng-edheng, rasane wis sing serantan arep menyang ring panggonan hang adoh lan endah.
Ning jerone sepur, kahanane nyenengaken. Bagas nemoni akeh uwong hang kepingin ngelencer pisan. Ana keluwarga hang nggawa akeh jajanan, ana pisan embah-embah hang menyang merga kepingin nemoni putune. Bagas seru dhemene ngerungokaken uni rodhane sepur hang diedu ambi ril, “jeg-ge-jeg… jeg-ge-jeg…” unine kaya musik hang nenteremaken ati. Saben wayah sepur ngeliwati sasak, Bagas bisa ndeleng kalen hang mili ning ngisore. Emake aju ngomong “Nunggang sepur iku Lik, cara hang tepak dienggo ndeleng kaendahan Indonesia taping sing kathik kerasa kesel.”
Nalika sepur mangkat melebu dhaerah pegunungan, penyawangane saya gethot! Sepur hang ditunggangi Bagas kudu ngeliwati terowongan hang peteng. “Byek, kene melebu nong njero wetenge bumi!” jare Bagas ambi gemuyu wayah damar ning njerone gerbong murub otomatis. Mari metu teka terowongan, Bagas nempelaken bacote ning kacane cendhela, jengah ndeleng lakune sepur hang ditunggangi bisa nembus alas-alasan. Iyane ngerasa kaya ning jerone pilem hang ana ning tipi.
Wayah soren, sepure gadug ning Banyuwangi, Bagas sak nalika disuguhi kaendahane Gunung Raung hang katon dhuwur ning kadohan. Kelire langit ganti dadi oranye, apik seru sawangane. Sepure mandheg sedhilut ring Setapsiyun Kalibaru hang hawane kerasa adhem.
Pungkase, sepur gadug ning panggon pungkasan yaiku Setapsiyun Ketapang. Setapsiyun iki istimewa merga panggonane tepak ning pinggir segara. Serta mudhun teka sepur, Bagas bisa ngerasakaken semilire angin segara hang nyegeraken. Teka kadohan, iyane ndeleng kapal-kapal gedhe hang arep nyaberang Selat Bali. “Gas, saiki Ira wis gadug ning pucuk paling wetan Pulo Jawa!” jare bapake ambi ngusuk endhase Bagas. Setapsiyun iki seru rijige lan ketata apik, nggarahi sapa-sapa bain dadi kerasan suwi ana ning kene.
Wayah bengine, Bagas manggon ning panggonan nginep parek pesisir. Iyane sing serantan nganteni dina kesuk isuk mergane iyane kepingin munggah nyang Kawah Ijen lan ndeleng geni biru hang wis kesuwur. Iyane uga kepingin memengan pasir ring Pantai Boom.
Sambi kelumahan ning ndhuwur kasur, Bagas magih ngerasakaken obahe sepur hang nyenengaken. Iyane sadhar kadhung ngelencer iku sing mung perkara panggonan hang ditekani, taping uga kelendi lakune kedadeyan menyang ning tujonan.
Engko wayah melebu sekolah, Bagas arep nyeritakaken kelendi asik lan enake sepur nyang kanca-kancane. Pereiyan saiki temenan nggawe Bagas bungah dadi lare Indonesia hang nduweni alam endah. Sakdurunge turu, Bagas mesem-mesem dhewek lan mbayangaken paran maning hang arep iyane temoni kesuk ning Banyuwangi, kutha sewu kaendahan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Danu
Editor: Antariksawan Jusuf)-79700.jpg)