Macem-Maceme Sastra Lisan Using: Sanepan (Bagiyan 6)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 29 Januari 2026 07:27 WIB)
- Opini



Macem-Maceme Sastra Lisan Using: Sanepan (Bagiyan 6)
Ditulis ring Nanang Yuwantoro Zuniar

Sanepan Using.
Sanepan yaiku maceme gurit lisan Using hang arupa PASEMON utawa PERLAMBANG hang didhasaraken nang asal usule ujar (Etimologi). Ngaitaken nang asal-usul ujar iki ndandekaken sikap utawa pengarep-arep hang kurang apik sahingga asile ya nang sipate NYAMAH utawa NYINDHIR.
   Biyasahe Sanepan ditujukaken utawa dikaitaken ambi arane uwong. Salah sijine tuladha, aran GAJAH MADA kerep disandhingaken ambi kumpulane ujar (frase) GAJAH ENGGON lan GAJAH LEMBANA.
   "Gajah" ring panggonan iki nduweni Kamukten utawa Gedhe, "Mada" padha diartekaken ambi Madhani sahingga roncenan rong ujar mau diartekaken Kamukten Hang Gedhe hang sing ninggalalen utawa ngelalekaken sak padha.
   Mula teka iku, Gajah Enggon di-sanepan-aken mung bisa Ngenggoni (kamukten) kurang bisa mimpin utawa ngongkon nang rakyat.
    Gajah Lembana di-sanepan-aken wong hang kedanan aji utawa njaluk diajeni.
   Tuladha sak teruse yaiku Bhre Wirabumi hang di-sanepan-aken ambi uwong-uwong Mataraman (Jawa Kulonan) kaya dene Menak Jingga. Nang njerone omongan iki Menak Jingga asale teka ujar Menak hang artine Priyayi, Jingga artine Bang Rada Kuning utawa BRANGASAN. Dadi Menak Jingga artine PRIAYI HANG BRANGASAN.
   Kadhung penerapane Sanepan Using nong sedina-dinane akeh-akehe njuwut makna hang dadi PERLAMBANG. Kadhung miturut wong-wong tuwek hang sun jaluki pitudhuh uga penemu, akeh-akehe njuwut teka pengucap aran 'sesuatu' hang aju bisa didadekaken Perlambang hang apik. Tuladhane jare Wak Urip: Wong-wong tuwek bengen kadhung bangete nduweni gawe teradhisi mesthi ana uba rampe hang nong kono iku mesthi dadi PERLAMBANG.
    Kaya umpamane, ring wong selametan mitoni, ana cengkir lan jajan perocot.
   Cengkir, ngemu karep kanggo 'ngencengaken pikir' ngencengaken tekad kanggo mbesuk mapag tekane utawa laire bayi hang iku titipane Gusti Alloh.
   Tekad paran bain? Ya tekad ngerumat lan nguweni kepinteran sampek dadi lare hang duwe budi pekerti dhuwur.
   Perocot= perocat perocot. Aran panganan hang digawe teka ketan hang dibuntel godhong gedhang, bunder lan dawa. Diarani perocot merga duwe karep laire si jabang bayi mau mbesuk 'procat procot' yaiku hampang metune, emake makene sing kelaran seru.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor