Ikawangi Pusat Kepingin Duwe Montor Ambulan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 26 Januari 2026 07:12 WIB)
- Laporan
Ikawangi Pusat Kepingin Duwe Montor Ambulan
Paguyuban Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) Pusat Jakarta kepingin nduwe montor ambulan dhewek kanggo mbantu warga Banyuwangi hang mbutuhaken.
"Salah siji program hang arep dilaksanakaken yaiku nduwe montor ambulan dhewek," jare kang Suryanto, Sekretaris Ikawangi Pusat tepak ngewani sambutan ring iwuh arisan Ikawangi korwil Tangerang Selatan ring ruko Alam Sutra.
Akeh wong Banyuwangi ring tanah boroan hang kepingine dipetek ring Banyuwangi, jare Kang Suyanto. Kelawan anane montor ambulan, warga hang mbutuhaken hing mikiri maning ambulan lan biyayane.
Sawetara, program liyane hang wis kewela-wela ning ngarep mata yaiku mulih kampung bareng hang saben taun digelar bareng Paguyuban Warga Jakarta Asal Jawa Timur (Pawartajatim) lan nyiluri kartu anggota. Kartu anggota hang saiki, digawe tepak jamane Kang Bambang Sugiyono mimpin Ikawangi Pusat limang taun kepungkur, setemene wis entek wektune sampek Desember 2025 sore masiya magih keneng dienggo minangka picis digital utawa e-money.
Kang Suryanto uga ngucap terima hang gedhi kanggo warga Ikawangi Tangerang Selatan merga Ikatangsel iki salah siji teka telung wilayah hang duwe kesenian Banyuwangi seliyane Jakarta Timur lan Tangerang Raya.
Ikatangsel duwe grup Kuntulan Gondo Arum hang munggah genjot saben ana iwuh ring Tangerang Selatan utamane lan kadhang manggung ring acara Ikawangi liyane.
"Hing gampang nggawe grup kesenian ring kene. Masiya ana picise, hing saben Ikawangi bisa tuku gamelane merga kudu ana wong-wong hang bisa nabuh," jare kang Suryanto.
Ikawangi Tangerang Selatan iki ngadeg tanggal 12 Juli 2020 lan anggotane saiki wis 50an keluwarga hang manggon ring Alam Sutera, Bintaro, BSD, Ciputat, Cisauk, Pamulang sampek Pondokcabe, malah ana hang melebu pinggirane Bogor.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

