Adat Using Mudhun Lemah

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 30 Mei 2024 09:09 WIB)
- Opini



Adat Using Mudhun Lemah

Ditulis ring Kang Usik

Salah siji adat Using hang magih diugemi nyang wong-wong Banyuwangi yaiku adat Mudhun Lemah.  Wong Using kapan nduwe anak kang wis umur pitung ulan mesthi anake dirituali mudhun lemah .

Weragate emeh kabeh ana: Jenang Lintang, Jenang Lemu, Jenang Abang  lan jajan pasar. Ana pisan Tumpeng Sega Wudhug, Tumpeng Sega Gurih, Tumpeng Sega Kebuli, Tumpeng Sega Pecel Pitik, Tumpeng Sega Serakat, Sega Golong, Jenang limang werna.

Sak liyane panganan iku ana pisan Para Bungkil lan Pala Pendhem. Sarat liyane hang mesthi ana tepak rituale yaiku janur, belimbing, kembang jajang, suket lalang, kembang Apa-apa, Kembang Jambe, endhog pitik, endhog bebek, banyu pitung tawar, banyu arum, kembang telon, wedhak bobok (wedhak boreh beras kencur), anake bebegan, suru godhong nangka, beras kuning lan picis kenthing dienggo sembur uthik-uthik, kupat luwaran.

Tepak seremoniale, ana Seni Barong lan Kuntulan kanggo kirape. Kanggo ritual liyane ana gedhogan lumpang hang nggawakaken gendhing wajib Mudhun Lemah yaitu Petek-Petek Suku lan Dhegdheg Lirang.

Wernane jajane macem-macem lan nduweni maksud dhewek-dhewek. Kadhung dipetani siji-siji, kabeh weragat iku mau nduweni tujuwan kang apik.

Peras, karepe perasaane. Gedhang raja rong lirang, dongane wong tuwek loro nyang anake supaya selamet uga enaka uripe ambi regedane anake supaya padhang lan aja sampik keneng musibah ana ring dina mburi. Dadi dongane wong tuwek loro iki supaya anake uripe selamet lan sing ana belahi.

Kelapa, "sak keluwarga atine padha lila" ikhlas laku gawe ana ring endi bain. Beras, "berhasila ulihe usaha". Kinangan, "rejeki nang endi bain". Suruh, supaya "aja sampek anake rusuh lan memeruh" nyang barange liyan, kapan golet rejeki nang endi-endiya. Enjet lan gambir "nduweya kerjet lan pikiran".  Jambe, "wektune (jam), be, berangkate melakune megawe". Sisig, "kelisika" utawa melakuwa megawe. Sari, "salagine urip", Gula Abang, "goletena bala/kanca kang atine sak imbang" utawane kang keneng digugu lan keneng dienggo tuladha.

Jajan Jenang Lintang surune godhonge nangka, nduweni arti gok jajan iku mbesukane janji- janjine, jenang jeneka nang panggonane. Lintang, padha ambi liwat/melaku maksude lare kang mudhun lemah kapan wis bisa melaku, suru godhong nangka iku maksude larene supaya rukun nong kancane. Janjine muga jeneka nang panggonane, supaya kadhung wis bisa melaku rukun nyang kancane.

Jenang lemu maksude jenek nang endi-endiya gelem ngangsu kaweruh utawa golet ilmu. Jajan pasar maksude janji-janjine kang pas aja nyasar utawa keliwat, artine aja gubaban. Iki padha bain donga wong tuweke supaya anake gelem golet ilmu, lan keneng dicekel omongane.

Jenang abang maksude, jenek nang endi bain ya ambi nyumbang artine dadiya lare kang gelem perduli/nduweni sipat kepedulian. Dongane muga-muga larene mbisuke nduweni sipat perduli nyang uwong-uwong liyane.

Sega Golong maksude nawi nduwe pikiran utawa ati kang cupet muga-muga paringana coblong gulung-gumulung/bolong. Muga-muga larene diwani dalan padhang gok tepak ana alangan kang nggarai pikirane cupet.

Sega Tumpeng Serakat maksude tumpeng iku tandhane muji Pengeran. Serakat iku dheket utawa rarahan/romot artine muji njaluk nyang Pengeran supaya ilanga serakate lan paringana ilang sengkalane, balak lan belahine supaya ilang kari rahmate lan rejekine. Kelawan muji nong Pengeran, muga-muga larene ilang serakate lan diedohaken teka balak, sengkala, lan belahi.

Pecel Pitik maksude pegaweyane kang diucel-ucel utawa dicekel kang apik makene keneng dititik/ditiru. Sega kebuli maksude paran kang dijaluk, paran kang dikarep makene  dikabulaken.  Pecel Pitik lan Sega Kebuli iki donga muga-muga larene nduweni pegaweyan kang keneng diconto lan paran kang dikarepaken bisa dikabulaken.

Sega wudhug maksude wujuda lan nggaduga kekarepane. Sega gurih iwake pitik mulus diolah ragi lembarang maksude amrih awake dadi wong kang apik lan keneng dititik. Sega wudhug lan Sega Gurih iwak pitik, dadi donga muga-muga larene gadug nyang kabeh kekarepane, dadi wong apik kang keneng dadi tuladha.

Sarate ana Banyu Arum Kembang Sundel, Kembang Mawar, Kembang Wangsa, maksude supaya tawar/kuwat lan jaya uga kendel/wanen nyang wong sapa bain. Tegese sing getap.

Pitung tawar iku nduweni maksud pitung tawar kekuwatan. Janur maksude supaya nuruta. Belimbing aja bebel bimbingane. Suket lalang, aja nemu alangan, Kembang jajang (paran), paran-paran. Kembang Apa-apa, makene sing nemoni alangan napa-napa.

Wanci kinangan, wis titi wancine utawa wektune sak ikine konangan/keweruhan nyang enjet gambire, kerjet pikirane. Jambe sisige, obahe usike. Suruh kinangane supaya weruh saikine nang angen-angene. Dadi wanci kinangan sak isine iku nduweni karep gok larene iku wis wayahe weruh kerjet pikirane, obahe lan weruh angen-angene.

Endhoge pitik lan bebek supaya mbesuk kapan wis gedhe dadi uwong kang apik lan pinter kenengo dititik. Bebek, nduweni budi lan bekti ambi keluwargane. Muga-muga larene dadi wong kang pinter, apik, kenenga dadi tuladha lan bekti nyang keluwargane.

Pengasepan geni menyan, maksude mapan utawa nganggeni donyane/lemah.

Sakdurunge lare diedhunaken nyang lemah, rituale yaiku ditunggangaken jaran. Kang dadi jarane lare kang kuwat ngemplok utawa nggendhong. Maksude jarane, lare kang wis kuwat ngemplok melaku merangkang tujuwane ngajari lare kang buru mudhun lemah merangkang sulung aju ngadega aju belajar melaku. Lare kang arepe diedhunaken lemah ditunggangaken jaran-jaranan melakune ngubengi weragade/uba rampe, para dhayohe ndonga bebarengan ambi ngurapi pitung tawar ring sikile lare kang arep mudhun lemah .

Para dhayoh nganggo anake bebegan/alu supaya larene kang mudhun lemah makene sing pati ambek utawa ngambulan.

Donga usinge:

Petek-petek suku gancang bisa melaku

petek-petek suku gancang bisa melaku

Melaku puter kayun ubengana alun-alun

Liwata dalan padhang makene selamet lakunira

Serta wis melibeng ping telu, larene diedhunaken ring lemah.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Usik

Editor: Hani Z. Noor