Aja Pati Ruwed Ana Wayang Suket
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 08 Desember 2020 07:37 WIB)
- Laporan
Ana wayang uwong, ana wayang kulit, wayang golek, lah iki ana wayang suket. Paran maning iki?
Hang kawitan kaya arane, wayange digawe teka suket dudu kulit utawa kayu. "Wayang suket hing ana pakem ceritane, akeh-akehe njuwut cerita rakyat hang ana ring wilayah kono. Bisa dadi Bandung Bondowoso bisa Jaka Tarub lan liya-liyane," jare Gaga Rizky, founder lan Ketua Wayang Suket Indonesia hang ngadeg sakat taun 2018.
"Sak wayang arane bisa macem-macem."
Lare Solo iki, kelawan dibiyayai ambi Kementrian Pendidikan hang ngurusi Media Baru, keloron nunggang sepidhah montor ambi kancane melibeng Pulo Jawa sak perlu nggawe workshop lan ngenalaken wayang suket.
Jak loron wis ngampiri Semarang, Tegal, Pekalongan, Jakarta,Tangerang, Bekasi, Bogor, Purwakarta, Subang, Yogya, Kudus, Surabaya lan minggu sore iku nong Banyuwangi.
Marek bedhuge nggelar acarane ring Taman Blambangan tepak car-free-day dalune ring Koffie Haven van Banjoewangi hang ana ring Boom.
Hang milu workshop lan praktik nggawe wayang ya cumpune akeh. Tepak ring Taman Blambangan iku sampek petang sesi, kelawan total lare hang milu ana sewidakan lare. Hang dalu nong Boom ana nawi limalasan lare.
Wayang Suket Indonesia setemene nduwe petang kegiyatan ring acarane, yaiku 1. Pementasan 2. Workshop (nggawe wayang) 3. Pameran lan 4. Aktipitas Sosial.
Ring saben pementasan biyasahe ana wolu sampek 10 wong hang milu ndhukung. Ana dhalang, ana hang bagiyan visual art 2-3 uwong, lan ana hang bagiyan musike 2-6 uwong. Saben pentas kira-kira suwine sak jam.
"Enake nong wayang suket hing ana pakeme, dadi ceritane nggawe dhewek," jare Gaga. Karakter hang mesthi ana mung papat. 1. Priyayi 2. Wong lanang hang gagah 3. Wong wadon lan 4. Lare-lare.
"Karaktere bisa bain uwah arane. Kadhung nong wayang kulit ana Gatotkaca, nong kene hing pantes, dadi arane mung nganggo Bambang," tambah Gaga.
Wayang suket iku menganan kanggone lare-lare. "Taping ana media pitutur, ana ajaran morale. Nah iku hang diomongaken."
Ceritane digawe nong ngarepe penonton langsung. "Dadi katon pantes lan inopatip. Cocog kanggone lalare enom. Ana story tellinge, ana visual art-e lan ana musike," jare Gaga.
Sak mareke melibeng Pulo Jawa, teka Banyuwangi arep nong Jember, wayang suket arep pentas virtual tanggal 16 Desember ring channel Budaya Saya Kemendikbud jam 19.00. Sedurunge pentas, jam 16.00 ana webinar lan diskusi panel soal wayang suket sulung ring channel hang padha.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Wawancara
Editor: Hani Z. Noor





