Ajakan Nandur Wit-witan Hortikultura ring Pekarangan
Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Kamis, 05 Agustus 2021 10:00 WIB)
- Laporan
Paran program hang cocog kanggo masarakat sak suwene mangsa pageblug lan kudu akeh meneng nong umah? Manpaataken pekarangan utawa tandur-tandur!
Gedigu salah siji programe lare Kuliah Kerja Nyata (KKN) mahasiswa Institut Agama Islam Ibrahimy Genteng Banyuwangi. Tanggal 26 Juli 2021 sabene, Institut hang duwe julukan "Kampus Ijo" iki ngedhunaken mahasiswane kelawan agenda lan tema "Pembangunan Keluarga di Era Covid-19”. Upacara mauka ditekani lan diresmikaken ambi Bupati Banyuwangi, Ipuk Fiestiandani Azwar Anas liwat sambungan njero kawat (daring) aplikasi zoom meeting. Salah siji desa hang nampa lalare KKN Kelompok 4 yaiku Desa Pondoknongko Kecamatan Kabat Kabupaten Banyuwangi.
Kelompok 4 isine 15 Mahasiswa teka pirang-pirangane Program Pendidikan (PRODI) kayata Prodi Pendidikan Agama Islam, Pendidikan Islam Anak Usia Dini, Perbankan Syariah, Ekonomi Syaraih, Hukum Keluarga Islam lan Pengembangan Masyarakat Islam. Lalare Kelompok 4 mauka saikine nduwe Program ngejak masyarakat manpaataken pekarangan umahe kelawan nandur tanduran hortikultura. Alesan anane program iku yaiku sak jurusan ambi tema hang teka kampus “Pembangunan Keluarga di Era Covid-19.” Kegiyatan iki tujuwane Ketahanan Pangan keluarga dan Ekonomi Kreatif. Masyarakat sing bingung wayah butuh sayur pastine kari methik ana ring ngarep umahe, uga bisa ngedol sayure misale butuh picis.
Kegiatan program manpaataken pekarangan umahe diangkati teka sosialisasi, pelatihan nandur, uga nandur bareng ambi masarakat tanggal 01 Agustus 2021. Hang dadi panggonan program iki mauka yaiku Dusun Krajan RT 04 RW 05 Desa Pondoknongko. Sakdurunge ana lalare KKN, masarakat hang nandur magih bisa diitung akehe 4 Kepala Keluarga (KK). Sakat ana lalare KKN, saikine wis ana 23 KK hang wis gelem melaku. Jumlah hang sakmono mauka merga lalare KKN Kelompok 4 nguweni bantuan sekem, bibit lan polybag kanggo media tanam ring masarakat. Masarakat mung nyiyapaken panggon lan pupuk kompos.
Mula minangka implementasi kanggo praktik mahasiwa, program KKN mauka ngajari mahasiswa kelawan milu ubred langsung ring Masarakat. Mudhune mahasiswa ring tengah-tengah masarakat bisa nguweni manpaat nyang mahasiswa uga masarakat
“Kesuwun hang gedi (KKN) wis gelem ngabdi ring dusun iki. InsyaAllah kegiyatan iki kelebu kegiyatan hang apik, uwong-uwong uga wis padha ebuk sakat isuk golet-golet kompos. Lalare KKN wis semangat mbangun, InsyaAllah masarakat kene padha guyub lan kompak,” ujare salah siji masarakat hang gelem cawe-cawe.
Kegiyatan KKN iki mauka sing kira melaku kadhung sing ana kolaborasi teka pirang-pirangane pihak kayata pemerintah desa hang wis nguweni idin, pengurus workshop berkebun hang nulungi, lan masyarakat Dusun Krajan RT 04 RW 05 Desa Pondoknongko.
Mangsa pageblug mula kudu pinter nggolet solusi kanggo ngatasi kurange ketahanan pangan keluwarga, paran maning anane kebijakan teka pemerintah kayata PPKM level 4 hang saikine magih ditambahi sampek tanggal 9 agustus 2021. Lalare KKN kelompok 4 Desa Pondoknongko nguweni solusi, inovasi lan pengabdiane kanggo masarakat dusun krajan RT 04 RW 05 Desa Pondoknongko kelawan nandur tanduran hortikultura ana perkarangan umahe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







