Aktor Banyuwangi ring Web Series Home Credit

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 04 Juni 2021 09:52 WIB)
- Laporan



Bintang sinetron lan bintang iklan asal Licin Banyuwangi, Jamil Segara, buru marek ngelakoni syuting minangka aktor utama ring iklan serial kanggo produk Home Credit.
   Ring serial 11 menitan, pitung episod hang diwani judhul Menyelamatkan Kontrakan iku Jamil dadi tokoh utama kelawan aran pak Kresno.
   Minangka web series, Menyelamatkan Kontrakan digarap ambi umah produksi Sure Pictures Semarang hang kantor cabange ana ring Tangerang Selatan.  Web series iku disutradarai ring Ardian Parasto lan naskahe ditulis bareng ring Ardian Parasto lan Rico Julian.
   Ring cerita iku Pak Kresno duwe rabi Rukmini hang diperanaken ring Ithuk Arthayani lare Semarang. Pemain teater Lingkar Semarang iki sarjana ekonomi hang milu dadi bintange pilem cendhek minangka tugas ahir anake ring Fakultas Film dan Televisi Udinus Semarang.
   Taun 2020 sore iyane dadi bintang ring pilem cendhek Noise in Exile, njumbul ring profil perusahaane Bank Jateng, lan pirangane film cendhek liyane kayata Pusara lan iklan Accurate.
   Dene anake pak Kresno lan bu Rukmini iki ana Addrian Muchtaz minangka Hendra.
   Addrian iki tau milu nong sinetron Gali Lobang Tutup Lobang, sinetron Anak Langit, sinetron Indah Pada Waktunya lan dadi aktor pisan ring iklan Google lan Bank BTN.
   Balik maning ring Jamil, aktor hang aran sebenere Mohammad Jamil Rendra iki melaku nang Jakarta bengen merga ditarik dadi sopire rabine kang Lukman Yani, anake ruwahe pak Abdul Kahfi wong Banyuwangi hang tau dadi wakil gubernur DKI. Malah sedurunge tau dadi supir, tau ngelakoni pisan dadi tukang bangunan, resepsionis ring radhiyo lan tau juwara loro Lomba Model lan tau juwara nyanyi kendhang kempul jamane ruwahe bupati Syamsulhadi.
   Ring sela-selane preian nyopir, iyane nekat milu casting. Liya dina, ana agency hang ngejak iyane syuting.
   Aju taun 2005, iyane ana hang ngejak syuting. Sakat iku iyane milu ring sinteron Kisah Sembilan Wali (TransTv), Cinta Buta (SCTV), Samudra Cinta (SCTV), Cinta Yang Hilang (MNC), Aku Bukan Ustad (MNC), Tukang Ojek Pengkolan (MNC). Iyane uga tau dadi bintang iklan ABC Sambal Pedas, Asuransi Brunei Darrussalam, lan Iklan Layanan Masyarakat Kementrian Agraria.
   Kari nganteni bain seriale ana ring web-e Home Credit, perusahaan hang ngewani kredit barang-barang elektronik.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf