Alvin Maulana Ring Festival Film Pendek Banyuwangi 2021
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 05 April 2021 06:07 WIB)
- Laporan
Manggon ana ring pelinggihan Disbudpar Banyuwangi tanggal 30-31 Maret 2021 sore digelar Apresiasi Film Pendek Banyuwangi. Festival hang dianakaken kanggo mengeti dina dadine film nasional iki mula wis digelar sakat taun 2019. Setemene taun iki wis dadi agenda Festival Film naming kerana ana pandemi Covid-19 kegiyatane diganti dadi Apresiasi Film Pendek Banyuwangi.
Sakliyane kegiyatan hang dienggo nonton bareng film-film gaweyane lare nom-noman Banyuwangi kegiyatan iki uga ditambah gesah lan apresiasi ring dina tanggal 31 Maret 2021 manggon ana ring pelinggihan Disbudpar Banyuwangi Jl. A. Yani 78. Ring kene dikoreksi lan dibahas bab penggarapan lan proses produksine pelem cendhek hang bener lan hang apik kanggo nambahi pengetahuan lan keterampilan ring babakan produksi pelem.
Sing tanggung-tanggung hang teka yaiku Alvin Maulana yaiku wong asal Banyuwangi hang manggon ana ring Jakarta uga hang nggawe pelem hang saiki viral yaiku “Yo Wis Ben”. Alvin akeh nguweni tambahan ilmu nyang para pegiyat film pendek Banyuwangi hang teka ana ring acara apresiasi film pendek iku.
Akmal Rahman Hanif hang dadi sutradarane film pendek hang nganggo judul “Repetisi” iki nyatakaken dhung iyane lan kanca-kanca Sanggar Melati hang teka SMAN 1 Glagah pancen akeh kurange ring penggarapan film iku. Mula iku ring kesempatan iki iyane bisa ngangsu kaweruh nyang para pegiyat film nasional hang bisa nekani ring acara iki, gediku Hanif nerangaken nyang belambangan.com
Sakliyane iku, Viktor Kertanegara hang dadi pemeran utamane film pendek “Bukit Sinyal” milu seneng pisan nyang acara iki merga iyane bisa ngerti lan bisa weruh nyang saktemene paran iku proses produksi film, masiya tawis iyane lan kanca-kancane teka SMPN1 Banyuwangi buru bisa milu nyang proses garap film pendek.
“Bukit Sinyal” lan “Repetisi" kelebu Film pendek hang masuk nyang nominasi 3 besar lan ulih penghargaan teka Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani Azwar Anas. Bupati Ipuk mari-mari kaju nyang produksine lare-lare Banyuwangi iki merga garapane bisa ngewani inspirasi wong hang nonton, gediku keterangane Bupati Ipuk serta mari nonton film pendek produksine sineas-sineas muda Banyuwangi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kabar Anyar
Editor: Antariksawan Jusuf





