Ambyak-Ambyakan Milu Nggawe Surat Kanggo Bupati Anyar

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 04 Maret 2021 07:37 WIB)
- Laporan



Inopasi kudu terus digoleti lan dianakaken kadhung kepingin gelis maju ana ring alam hang saiki iki tambah ndadi kompetisine. Paran maning anane lomba literasi iki bisa ngupayakaken budaya kompetisi hang positip utamane ring bidang literasi.

Kayadene kegiyatan hang dianakaken UKM Literasi Untag Banyuwangi hang megawe bareng ambi Penerbitan Untag Banyuwangi Press ring tanggal 2 Maret 2021 iki melebu ring mangsa penjurian. Kegiyatan hang apik iki kudu bisa dianakaken terus makene dadi saranane sinau para mahasiswa hususe lan masarakat Banyuwangi umume utamane ring urusan tulisan hang saiki mulai giyat ana ring dunia maya (online).

Balik maning ana ring ulan iki UKM Literasi Untag magih bareng ambi Penerbitan Untag Banyuwangi Presa nganakaken lomba penulisan surat kanggo Bupati. Mesthine tepak ring ulan iki kanggone Bupati Banyuwangi hang buru bain dilantik ulan iki.

Nyatane lomba kanggo umum iki bisa dadi wadhah panggonan nguripaken oncor literasi ring Banyuwangi. Sing sithik hang milu andhil ana dhung 250 surat hang melebu ring penjurian. Kirane panitiya wis tepak anggone milih tema hang pas ring mangsa bupati kepilih ring taun iki.

Pelajar, mahasiswa, guru lan masyarakat umun teka kabeh kalangan milu andil ring lomba iki. Ana uga mahasiswa Jember asal Banyuwangi hang milu ring lomba iki. Mutafaqurrohmah, M.Pd nerangaken kadhung lomba iki mung ana sak kategori lan sing didhewek-dhewekaken ring jenjang masiya pelajar, mahasiswa lan masarakat dadi siji ring sak kategori iku. Iyane ya sing nyangka lan sing nyana gok pesertane bisa akeh kaya gediki.

Desy Ariani salah sijine juri wakil teka Radar Banyuwangi nyatakaken masiya pelajar lan mahasiswa nyatane tulisane wis sing kalah adoh ambi peserta teka masarakat umum lan kalangan profesi kayadene guru lan liya-liyane.

Arif Fajar uga salah sijine juri hang makili teka dosen IAIN Jember sing nyana kadhung tulisan surat kanggo bupati iki wis bisa metu teka standar penulisan surat biyasah naming ana uga hang magih durung cukup anggone nyukupi sarat yaiku magih kurang teka 800 sampek 1000 karakter kaya hang dikarepaken panitiya lomba.

Pesene Arik Fajar hang aseli wong Muncar iki nyang peserta hang durung bisa kepilih dadi pemenang kudu ajar maning nulis ngetokaken gagasan nganggo pikirane dhewek hang orisinil lan jujur, merga tulisan hang gediku iku justru bisa dadi tulisan hang apik hang duwe sudut pandang dhewek nyang paran bain hang dadi temane tulisan.

Kabeh iku setemene mung butuh latihan hang ajeg. Lomba hang kaya dianakaken UKM Untag iki bisa dadi saranane latihan iku mau, gediku Arik Fajar nerangaken nyang reporter belambangan.com.

Yoga Pratama salah sijine mahasiswa jurusan Teknik Sipil Untag hang dadi panitiya nerangaken uga kadhung kegiyatan iki bisa dadi panggonane kanca-kanca mahasiswa kanggo ngudharaken pikirane lan penemune  nyang kemajuan Banyuwangi hang bisa disampekaken liwat surat gediki, masiya mung ana ring lomba tapi sakusinge bisa dadi lantaran kanggo ngudharaken pikiran lan penemune nyang bupati kepilih saiki.

Kanggone kanca panitiya, Yoga uga nerangken kadhung lomba iki bisa dadi saranane ajar organisasi kanggone kanca-kanca mahasiswa hang dadi panitia.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf