Amening Nyenggol Wit Lateng

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 23 Mei 2023 09:23 WIB)
- Esai



Wong Banyuwangi mesthi weruh kabeh arane kelurahan Lateng, ring kecamatan kutha lan ambi ana maning dusun Lateng ring kidule Rogojampi kana hang melebu desa Gladag.
   Paran artine Lateng? Ring kamus basa dhaerah Using-Indonesia, diartekaken gedigi: jelatang; tumbuhan yang daunnya dapat menimbulkan rasa gatal pada kulit.
   Kayane iku ngamet teka arane tanduran, ya ring potrek ndhuwur iku rupane tandurane. Katone tanduran biyasah, ana mempere rupane uga ukuran dhuwure ambi tanduran lobok. Titenana lan kadhung perlu apalena rupane godhonge lateng iki. Hususe kanggo rika hang dhemen melaku-melaku keloprohan ring desa. Godhonge ana geret-gerete kaya untune gergaji. Apuwa kok kari penting hun engetaken?
Lateng sing metu uwohe hang pedhes nyelenget kaya lobok (kadhung dicokot) taping godhonge lateng iku, godhonge thok, kadhung kesenggol tangan utawa sikil sekala sakkal nyelenget gatel nong kulit! Temenan! Sing percaya buktekena dhewek.
   Jahat lateng iki. Wong desa rata-rata paham. Uripe ring pinggirane kalen lan jurang; jenise setemene ana telung macem taping sayange isun sing kari enget siji-sijine uga sing ana gambare. Hang paling manjur sengete jare hang aran Lateng Kebo. Hang ana ring potrek iki kayane jenis Lateng Bayem.
   Embuh kelendi ceritane wong bengen ngawiti aran Lateng dadi panggonan ring Rogojampi lan sakwise kuthane diboyong ning Banyuwangi, aran Lateng milu dienggo aran desa ring sandhinge Temenggungan. Hang jelas jare wong Lateng Banyuwangi iku jajang sak barong ambi wong Temenggungan. Jajang sak barong? Lah aju kelendi ceritane wis Latenge? Hang jelas ring Lateng ana gugon tuhon masarakate hing ulih nggantung gong. Jeh, kari adoh ambi ceritane wit Lateng mauka. Pokoke wong Lateng hing gatelen.

(Iskak Basuki)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf