Rika ngomong 'asiiik...' bisa ditafsiraken asik hang serius.
Asiiik...!
Gusti Alloh mula ar-Rohman ir-Rohim. Ring planet Bumi iki dicipta ewonan gunung berapi aktip tapi nyeja digawe arang meledhos, serang rohman rohim-e, sampek menungsa lali gok gunung-gunung berapi iku setemene ventilasi utawa cendhelane Bumi hang njerone kebek ambi magma alias wesi campur watu gemulak, encer serang panase.
   Menungsa sing kerasa urip nong ndhuwure volcano, sing weruh gok lemah ring ngisore iki seru tipise nahan isen-isene Bumi mauka. Lemah iki rata-rata sing sampek 40 km jerune, 'kandele'. Sedheng diametere Bumi 13.000-an km. Gampange, 40 : 13.000 = 0.003, yaiku 'kandele' lemah iki.
   Kaw! Mugane ana ilmuwan hang tau mbandhingaken Bumi ambi apel. Kulite apel mula garing lan atos tapi tipis, njerone apel kepus terus lan empuk. Njerone apel enak manis kares-kares, njerone bumi cairan wesi plus watu! Nong lemah tipis iku milyaran menungsa urip mbelunat, kakehan sereyat!
   Ring Banyuwangi hang diubengi gunung Merapi Ungup-Ungup, gunung Ijen, gunung Ranti lan gunung Raung, wong-wonge hing kerasa uripe parek cendhelane pawone watu lan wesi hang gemulak.
Asiiik...!
Isun sing njaluk ya sing kepingin gunung-gunung berapi sak Pulo Jawa tosene sak donya rukunan, kompak meledhos bareng. Usinga bareng naping lebih sering meledhos. Dina iki Gunung Krakatau, kesuk Gunung Merapi, emben Gunung Semeru, aju Gunung Raung, lanjut Gunung Agung, terus...Byek! Using! saben dina, saben minggu bain utawa saben ulan gilirane. Byek! Sing arep isun.
   Yong aja maning mbeledhos, sukur bagiyan ndhuwure hang kobongan bain, durung ngetokaken isine hang watu gemulak mau, menungsa wis bingung. Naping...
Asiiik...!
Asike kadhung gunung cepet meledhos, menungsa dadi akeh hang eling ambi Pengeran, eling gok Bumi iki setemene dudu panggonan hang kelebu aman seru. Menungsa dadi padha iman temenanan ambi ahirat, yakin gok uripe ring donya mula sakwetara, wa al akhiratu khairu wa abqa...
Asiiik...!
Sak kethipan eling, enggo kethip maning ilang maning, lali.
   Yaiku menungsa...


(Iskak Basuki)