Kudu Omes, Sing Ulih Omes-Omes

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 03 Juli 2026 07:03 WIB)
- Esai



Ditulis ring Heni Kurniawati

Isun magih cilik bengen durung ana ledheng, asah-asah paran iku nyang sumber. Sumbere madak adoh, nang burine umah. Enget isun nyang omonge Emak marahi nang sumber iku, "Aja pati mbuwangan!".
    Kala iku isun bangete ngasahi jembung pecake wadhahe ngeracik ragi. Mari olah-olahan, karine bawang telung bungkul sun buwang. "Emak iki kari melid, barangan mung sithik belaka sing ulih dibuwang", pikirisun. Magih cilik isun durung weruh kelendi karepe Emak ngomong iku.
   Saiki isun buru dhong. Ulan Aji yara ana Selametan Kampung. Isun belanja nyang peracangan sun mesisakanen. Sungkan koncar-kancir melaku, sungkan ngelempuk. Tuku ragi rada kaduk. Diitung-itung sampek saiki wis ulih sakulan. Ring karen-karene bawang kang kiseng, akeh kang mecukul. Sun pilihi godhonge bawang kang buru mecukul iku.
   Pokoke omes mbelesaki kelumunane bawang. Madak kari ngentekaken wayah setaun. Sedhilutan bain ulih sak gegeman. Dhasare ring latar ana pot pelastik pecakane nandur kembang, ambi lumur-lumur pelastik pecakane wadhahe es. Sun kelumpukaken, sun tambahi lemah, sun siram. Enggeningaken wis banyune makene ngeresep sulung.
   "Nganu paran, Mak?" Tegar anakisun kang kemunjilan takon. Mula dhemen ngeruwed larene. Isun curiga engko tah lare iki putus-putusane nggarai isun omes-omes. Tangane nggelathik, taping sing gelem tutug dhung megawe. Ana bain rekane, taping dhung dietutaken munting. Pungkasane isun kang muring-muring.
   "Sira tulih Isun tandang paran?"
   "Lungguh."
   "Masiya lungguh Isun iki tandang. Kek tulihen!" Isun nyagrep ambi ndudingi pot kembang nganggo lading.
   "Isun wis weruh gok lungguh, mulane Isun takon nganu paran....," suwarane Tegar alon.   
   "Arepe mara-mara nulungi, wedi diamuk."
   Sun bacukaken lading nyang lemah kepus ring pot karepe Tegar makene wedi. Setemene isun kemisinen, kepilis, temenaken larene arep nulungi. Ketang kecepeten digarai, dadine waspada lan curiga terus pikiranisun.
   "Nyak kek tutugena! Lemah ring pot siramen edheng-edheng bain makene ngeresep memgingsor banyune...."
   Isun ngomong durung mari, weruh-weruh banyu dikesok-kesokaken ring Tegar.
   "TEGAR!" Woh, nyelamber wih geludhuge. Percaya rika? Intuisine emak iku sing kira luput wis. Merga apal seru nyang watek lan tingkahe endhog kang ditetesaken.
   "Ee, makene gelis mari. Sipate banyu iku ngeresep teka ndhuwur mengingsor, Mak. Rika sing tau diwulang gurune gedigutah?" saure tegar ambi nyiret-nyiretaken banyu nganggo temba. Mungga rika dadi guru, disauri gedigu ring lare kang magih kerawiten, sing atinrika kang kemeremet?
   Isun ngundha ambegan. Tarik napas dalam-dalam, tahan, lepaskan pelan-pelan. Iku jurus sun bolan-baleni. Ilmu sabarisun buru nggadug kono.
   "Kadhung dikesokaken iku, Tegar.... kang kepus mung lemah ring ndhuwure...., lemah ngingsore magih garing...." Isun nyeja suwarane didawak-dawakaken makene ketara alus, kaya wong alus. Sun tuncebi nganggo lading lemah ring pot kang disiram edheng-edheng ambi kang disiram dikesok-kesokaken.
   Nyatane lemah kang disiram edheng-edheng kepus sampek ngingsor. Lemah kang disiram dikesokaken, ngingsore magih garing. Iki bukti konkrit kanggo lare kaya Tegar. Kadhung sing weruh nyatane, sing percaya, aliyas pengkuh.
   "Sira kalah, Gar!" Sun pandeng matane makene lare iku yakin ambi pembuktianisun.
   "Yee..."
   "Yee? Gedigu thok? Sira sing mbandheli maning?" Isun heran. Biyasahe lare iki sedawane dina mesthine mbantah omonganisun. Iki gok kari gampang seru ngalah? Apuwa?
   "Ya, wis jelas gedigu yoh. Arep semaur paran maning?" Tegar mbelkathuk, raine ditekuk kaya ithuk.
   "Yee, iya." Balik isun kang semaur yee.
   "Iyee, iyee," genti Tegar kang geregeten nyang isun. "Aju kelendi iki? Kadhung uwis Isun nak memengan." Tegar ngadeg arep melaku memengan.
   "Aja, Gar! Isun aja ditinggal! Isun tulungana sampek mari sulung...." Isun mangkat peraktek nandur bawang. Tegar lungguh nong ngarepisun ambi ndelengi.
   "Wis, acake Sira kang nandur ring pot kang siji." Isun ngabani Tegar.
   Pot disiram edheng-edheng sampek kembung banyu. Digeningaken sampek banyune ngeresep. Aju dijugeri lemahe makene merekah, sing padhet. Lemah kang wis embuk digawe bolongan nganggo deriji, diiseni perujukane bawang. Aja sampek kewalik andohe bawang. Odode diendoh ring isor, perujukane godhong diendoh ring dhuwur. Sak bolongan diisi bawang siji. Bolongan siji ambi bolongan liyane diumani let kira-kira sak kilan. Mari ditandur, disiram maning edheng-edheng, tandurane makene sing rubuh diterak iline banyu. Nandur bawang wis mari. Pot diendoh ring ngingsore wit santen. Tanduran buru ndedher sing keneng kari kesentor panas seru-seru.

   Bawang abang, bawang putih, bawang pre, lan bawang dayak wis pating mari ditandur. Saben soren Tegar omes nyirami. Ulih telung dina godhonge bawang wis merujuk dhuwur.
   Rika duwe tanduran paran? Nandur-nandur cocog kanggo ngisi dina pereian.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor