Jerangkonge Urip Maning

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 29 Agustus 2026 06:19 WIB)
- Esai



Jaman taun 80-an, ana cerita aneh naping nyata, kok ya ana lare kaya iku. Jaman SMP-ne jare tau nyiyaraken nang radhiyo swasta ring kecamatane. Paran acake? Mungguha nyiyaraken perestasine sekolah yara jempol. Iki nyiyaraken kepala sekolahe dhewek. Uwong seger-seger disiyaraken ninggal ya! Diumumaken mati...!
   Mati...! Jare wong Boyolangu saben kerungu paran bain hang ngagetaken ati.
   Embuh salah paran kepala sekolahe taker digedigokaken? Jelase ya kanca iku hang salah. Salah gedhi! Uga radhiyo-ne iku, apuwa mara-mara disiysraken bain? Hing kathik cek ricek?
Berita duka...
   Byek! Embuh kelendi aju urusane? Buyek jelase.
   Ana maning ring antarane kanca-kancanisun dhewek ring pegaweyan. Temenan! Aneh pisan. Gara-gara saben dina ditilpuni sing tau nyaut, nyang penggaweyan ya sing tau nguntup, alihe urusan pirang-pirang. Penting! Omes-omes ambi komendane diwarah mati! Makene wis. Ketepakan ana hang takon, nakokaken kanca iku.
   Byek! Masa suwi. Sak dulekan deriji bain 'kerawu pakis' -- 'berita duka' -- iku miber semebar ring grupe sak kancaan. Ana hang serang kagete sakkal ngejak rabine ngelayat. Gupuh. Sekaken. Selak berangkat nyang kuburan mayite. Kapan maning bisa nyawang kanca iku dadiya wis dibuntil lawon.
   "Gedigu bain wis, Dhik! Hang gancang! Selak kasep! Keresekana bain wis iku gulane..."
   Jeh! Ulihe ngebut sepidhahan alan-alane diuber setan, gadug alamat cumpu ditemoni setan...
   "Kari lawas, Ndhuh! Kene, kene melebuwa...! Dhengaren ngajak wong wadon...?
   Jare mati ting magih bisa ngengekaken lawang ambi semanta seru jelase. Jerangkong...!
   Gancange cerita serta ditempuhi nyang kanca hang olah pakis dikerawu mauka, saurane kaya wong sing duwe dosa:
   "Kamsude Isun, hapene hang mati..."
   Aaah...jerangkong!

(Iskak Basuki)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor