Amuke Satriya Belambangan

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 27 September 2019 10:31 WIB)
- Laporan



 

            Kelendi saktemene kadhung wong Banyuwangi nyeritakaken legenda Menak Jingga? Mesthine iki bisa dideleng nong pambuka BEC (Banyuwangi Etno Carnival) 2019 ring panggung elore Taman Belambangan Banyuwangi 27 Juli 2019.

            Sendratari “Amuke Satriya Belambangan’ hang disutradarai Jajulaidi, S.Pd. iki nduduhaken perjuwangane Menak Jingga anggone njejegaken kewibawaane kerajaan Belambangan nyang kekuwasaane Majapahit hang kala iku dipimpin Ratu Kencana Wungu.

            Gegeran ring Paseban Agung Majapahit antarane Menak Jingga ngelawan Wikrama Wardhana nyatane sing keneng diselaki. Ring kana diceritakaken Wikrama Wardhana hang sing dhemen nyang tekane Menak Jingga hang diundang nyang Paseban Agung Majapahit nggawa prajurit jangkep lan nyengkelit gaman pisan. Hang mesthi kadhung aran perajurit mesthi sing luput nggawa gaman. Kudune ring Wikrama Wardhana ngerteni babakan iku.

            Menak Jingga hang didakwa arep mberontak merga nggawa prajurit sing terima. Tukar padune Menak Jingga lan Wikrama Wardhana pungkasane dadi gegeran gedhe merga perajurit liyane uga milu-milu geger.

            Pungkasane Menak Jingga kelawan gada wesi kuninge bisa ngalahaken perajurit Majapahit hang dipandhegani Wikrama Wardhana hang uga lakine Kencana Wungu iku.

            Sanggar Sayuwiwit Aliyan Rogojampi ngelakukaken sendratari iki katone wis lancar anggone nggawe Sendratari. Katon ring jejeran siji hang dikawiti jejeran Keraton Belambangan. Perajurit Belambangan hang gagah lan wani tandhing iku padha geladhen keperajuritan. Menak Jingga uga katon mongkog weruh perajurite hang terus tatag anggone olah keperajuritan.

            Ring tengahe olah keperajuritan Belambangan ketekan utusan Majapahit hang nggawa ulem-ulem teka Ratu kencana Wungu hang isine nekakaken Menak Jingga ana ring pasamuan Agung ring Paseban Majapahit. Nana pikiran paran-paran Menak Jingga nyaguhi ulem-uleme Ratu kencana Wungu.

            Jejeran loro ana ring keraton Majapahit. Ring Paseban Agung iku dikawiti Bedhayan, yaiku tarian keraton Majapahitan. Mari gediku,  aju Menak Jingga nekani Paseban. Tekane Menak Jingga nyatane didakwa sing bener ambi Wikrama Wardhana. Menak Jingga lan Wikrama Wardhana geger sakteruse perang antarane perajurit Majapahit lan perajurit Belambangan.

            Ring jejeran loro iki wangune digancangaken nyang perangan gedhe, mestine iki dicocogaken ambi durasi waktu hang mung sing lebih teka 17 menit. Maklum bain iki mung pambuka ring acara intine BEC (Banyuwangi Etno Carnival) 2019.

            Careme tabuh hang ditata ambi Moch. Pungky Hartono lan M. Rafly Hidayat bisa dituku ring peraga gerak. Penata gerak hang dipercayakaken nyang Yuda Gadis Octiani lan Anton Widiantoro, S.Pd. iki nyatane wis bisa nggawa nyang rasane penonton  nyang kekarepane lakon. Masiya setting antarane jejeran siji lan jejeran loro kurang katon bedane naming penonton wis bisa mbedakaken antarane Belambangan lan Majapahit merga kabeh dianggoni kelambi lan property hang beda.  Mesthi bain panggung hang mung arupa lurung dawa iku kurang bisa dienggo nggarap setting hang kaya dikarepaken ring sendratari-sendratari kaya biyasahe.

            Sendratari iki dipungkasi ambi menange Menak Jingga teka Belambangan ngelawan Wikrama Wardhana hang teka Majapahit. Tekane kereta hang ditunggangi Menak Jingga lan wadyabalane nyatane bisa nambah nguwati artistike sendratari iki.(ipul69)

 

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Opening BEC 2019

Editor: Antariksawan Jusuf