Ana Paran SMK Pro ring Pasar Wit-witan?
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 09 Maret 2020 09:33 WIB)
- Laporan
Pasar Wit-witan Alasmalang Singojuruh seminggu kepungkur sing kaya biyasahe. Dina iki manggon ana ring genjot pinggir kidul kulon katon rame dilibengi uwong-uwong hang nonton. Ana suwarane terbang, kendhang lan tabuhan Banyuwangi liyane. Rame temenan suwarane, nggawe wong-wong hang padha nekani pasar Wit-witan kemerungsung kepingin mara ndeleng.
SMK... Bisa... SMK... Hebat... SMK bisa hebat! Suwarane pembawa acara teka genjot. Aju ditirokaken penontone. Temakaken ring kana ana lare-lare SMK PGRI Rogojampi hang nggelar kesenian ambi promo sekolahane. Sekolahan hang manggon ana ring dalan Terminal Rogojampi iki wis buka sekolahane sakat tahun 1980-an. Bengen mung ana rong kelas lan mung ana rong jurusan bain, naming saiki iki wis ana dhung 36 kelas hang murid-muride akehe kurang-lebih 1400 lare.
SMK PGRI Rogojampi hang bengen diarani SMEA iki wis buka akeh jurusan mulai Administrasi Perkantoran, Administrasi Niaga, Multi Media, sampek jurusan Tata Boga kabeh wis terakreditasi A gediku jare penjelasane P. Anis, salah sijine guru hang ana ring SMK PGRI Rogojampi iki.
SMK hang terkenal kelawan aran SMK Pro iki seru aktipe nyang sembarang kegiatan hang dianakaken Pemerintah Kabupaten Banyuwangi utamane ring festival-festival Banyuwangi. Salah sijine mesti bain “Gandrung Sewu”. Sing sithik murid-murid hang wis bisa pentas ana ring event Banyuwangi festival iki. Malah ana uga hang wis milu pentas gandrung sampek nggadug ring Istana Negara Republik Indonesia.
Mula iku sing salah kadhung wayah gandrung digelar penonton tambah gemeruduk padha marek kepingin weruh jugetane lare SMK PGRI hang wis kesuwur iku. Kendhang dikeplak, baola digasak, sampur diangkati lare wadon telu munggah nyang genjot njuget “Jejer Kembang Menur’. Jejer gandrung iki pancen hang dadi agul-agule SMK Pro iki. Seru lemese aran jugetane. Pantes bain sekolahan iki magih dadi sekolah piliyan lare-lare hang ana ring sakubengane kecamatan Rogojampi.
Pretasine SMK PGRI Rogojampi ring akademik ya wis sampek gadug Propinsi lan Nasional, gediku jare salah sijine murid hang dadi pembawa acara ring gelaran iku.
Naming nyatane SMK PGRI sing mung nggelar gendhingan ring kana. tabuhan lan jugetan bain uga ana doorprize karakter. Ring pinggir-pinggire genjot produk olahan lan produk-produk gaweyane lare SMK uga digelar. Ana panganan ana uga kopi jajanan liyane. Penonton magih sing gelem bubar masiya gandrunge wis mari naming magih ana jugetan kreasi liyane lan sing kalah mestine suwarane penyanyi-penyanyine.
SMK hang dadi sekolah rujukan ana ring Banyuwangi iki nyatane sing kalah ambi SMK-SMK Negeri liyane masiya mung sekolah suwasta. Iki wis kebukti SMK PGRI Rogojampi wis tau ulih gelar juwara nasional ring lomba LKS tingkat nasional.
Pasar Wit-witan dadi saya rame masiya wis jam sanga. Maskote SMK yaiku awujud landhak uga nggawe lare cilik-cilik tambah dhemen memengan ambi maskot landhak iki. Nyatane Pasar Wit-witan Alasmalang sing mung keneng dienggo wisata kuliner belaka naming bisa dienggo panggonan promo lan ngenalaken sekolahan-sekolahan hang ana ring Banyuwangi iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pasar Desa
Editor: Antariksawan Jusuf





