Angklung Caruk ring Jaman Internet lan Teknologi Digital
Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Sabtu, 25 Maret 2023 09:22 WIB)
- Esai
Jaman saiki, uwong-uwong padha ngelakoni aktipitas sedinane nganggo cara anyar. Hang bengen umume manual, saiki pating ngalih nyang internet lan digital, njero kawat alias nganggo jaringan internet.
Kayadene belanja liwat aplikasi, kirim-terima picis nganggo m-banking, maca koran online (dudu lembaran kertas maning), tipi ngalih digital, sampek kesenian uga keneng pengaruhe pisan.
Contone kesenian Angklung Caruk. Sakat teka panjak sak pendhemene manpaataken internet lan media digital kanggo sarana nyebaraken inpormasi bab Angklung nyang media sosial (umume Youtube, Whatsap lan Facebook).
Nawi merga iku pisan saiki nonton Angklung Caruk bisa diucap dadi lebih gampang.
Bangete ring liya panggon ana pentas Angklung Caruk, awak dhewek bisa ndeleng teka kadohan. Bisa liwat setatus WA. Uga bisa liwat Facebook, Youtube lan liya-liyane.
Timbangane bengen, jaman durung ana internet lan teknologi digital iki, kahanane mesthi lebih susah, kudu rada ngeyel.
Kepingin ndeleng pentas Angklung Caruk ya kudu teka nyang panggon kundangane. Hing ana cara liyane.
Kadhung wis arep ndeleng Carukan gedigu iku biyasahe padha ampyak-ampyakan teka merana (nyang panggon kundangan). Ana hang melaku, ana hang nunggang sepidhah pancat, sampek sepidhah udhud paran iku.
Bangete nyelenget-nyelengete serngenge, diterjang bain wis. Pokoke gadug panggone, aju nyekseni grup andhalane tampil.
Tepak ring panggon ya gedigu, masiya dhesel-dheselan kelawan pendhemen liyane sing dadi perkara.
Hang ngenes iku tepak menyang njaba kutha, mesthi sing bisa ngetutaken grup andhalane tampil.
Naming jaman saiki beda. Saiki ana cara makene musik-musik utawa gendhing-gendhing Angklung bisa lan gampang dirungokaken ring endi-endi panggonan.
Cara iki ana torose ambi internet lan teknologi digital. Kawitan, gendhing-gendhing Angklung direkam hang apik, dijuwut gambar lan suwarane, aju dideleh nong Youtube.
Cara iki wis akeh hang meraktekaken. Contone, ana Pak Juwono, Pak Saipul, BTD channel, Pak Elvin, lan sakpiturute.
Hang kepindho uga pungkasan, gendhing-gendhing Angklung hang wis direkam suwara bisa dideleh nyang aplikasi kaya tah Spotify, Pandora, iHeartRadio, lan sak maceme.
Cara hang kepindho iki magih arang diperaktekaken masarakat seni Banyuwangi. Kadhung Bali wis ana antarane Dewa Alit lan Gus Teja (seniman tabuhan). Teka Malang ana Willy. Solo lan Jogja maning, sak arat-arat.
Njuwut gambar utawa suwara aju disebaraken nyang media sosial kaya hang dijelasaken kawitan mau uga aja sampek diepos. Merga iku dadi cara hang ampuh lan enteng dilakoni makene Angklung Caruk gampang dirungokaken ring endi-endi panggonan.
Kelawan cara-cara iku muga bisa ndhongkrak semangate para seniman musik Banyuwangi makene ajeg nggawe karya.
Uga sing luput gendhing-gendhing Angklung bisa lan gampang dirungokaken ring endi-endi panggonan.
Hang ring njaba kutha bisa ngerungokaken, manca negara ya bisa. Ring endi-endi panggonan bisa, ring wayah paran bain bisa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber :
Editor: Hani Z. Noor
