Angklung Caruk Ring Peluncuran Buku “Angklung Tabung Musik Blambangan”

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Minggu, 11 April 2021 06:48 WIB)
- Laporan



Sing kaya biayasahe RBK (Rumah Budaya Kebo-keboan) Alasmalang Kecamatan Singojuruh Banyuwangi dina iku rame. Dudu mung merga rame akeh uwong hang nekani panggonan iku naming uga rame ulihe ramen-ramen. Kelendi sing rame barang ana angklung caruk hang main ana ring umah budaya iku.

Manggon ana ring panggonan senthong tengen kidule Aula gedhe rong perangkat tabuhan caruk wis adep-adepan. Hang siji Angklung Sekar Tanjung teka Alasmalang lan hang siji Sekar Wangi teka Pasinan. Sing sukur-sukur angklung caruk sakkarone wing nyiapaken sakdurunge merga kepingin tampil apik.

Anane angklung caruk ring RBK iku sing merga ana ritual adat Kebo-keboan saban ulan Sura naming merga ana peluncuran buku Angklung Tabung Musik Blambangan hang dianggit ambi Elvin Hendrata.

Buku hang wis diakoni Elvin bisa dadi lan bisa diluncuraken ring taun iki wis ngeliwati dalan hang munggah mudhun melegak-meleguk. Merga kuwatire hang nganggit yaiku Elvin Hendrata, rumangsa durung cukup anggone njangkepi materi ana ring buku iku. Pungkasane ring taun iki buku hang diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan iki alhamdulillah bisa diluncuraken ring dina Sabtu, 10 April 2021, gediku kaya hang ana ring pidhatone Elvin ngawiti seremonial peluncuran bukune.

Ring gesah ambi reporter belambangan.com saksuwene nganteni dhayoh, Elvin hang bankir tapi nggethu nulis bab-bab Banyuwangi iki nyatakaken, "Sing usah akeh uwong wis, kadhung hang teka kaya gediki rasane wis kaya wong sak-Banyuwangi hang teka,” gediku senenge atine merga hang nekani peluncutan bukune akeh wong-wong hang gethot ana ring babakan kesenian lan sastra Banyuwangi. Sing mung iku naming uga akeh para akademisi hang bisa nekani kayadene Dr. Ikwan Setiawan hang teka Universitas Jember.

Peluncuran buku ring dina iku pancen dadi semebyar merga sakliyane ana angklung caruk Pasinan lan Alasmalang uga ana angklung teka Sawahan hang arane Angklung Jayakaryo. Telung perangkat angklung iku gentenan nggawa gendhing sakdurunge seremonial bedhah buku dikawiti. Naming sakdurunge acara bedhah buku digelar Angklung caruk hang sakbenere yaiku antarane Pasinan lan Alasmalang. Kabeh padha surak merga dhemen nyang pagelarane angklung sak keloron mau. Paran maning hang arane badhut kaya Pak Awik lan Sumaji bisa nggawa temenan nyang kaya gelar angklung caruk hang sakbenere masiya ring kono mung api-api arupa fragmentasi belaka.

Gelar peluncuran buku Angklung dipungkasi ambi bedhah buku hang dipiloni akeh tokoh hang ana ring undangan kayadene, Hasan Basri ketua DKB, Hasan Senthot hang makili Ketua SKB, uga DR. Ikwan Setiawan, ana uga Karsono Dosen Seni Budaya Unes Solo. Sakliyane magih akeh kayata, Samsudin Adlawi, Taufik Saleh, Sunardiyanto, Moh. Pungky Hartono, Rosdi Bahtiar, Dwi Pranoto, Wiwin Indiarti, Slamet Menur, Kang Juwono uga Kang Syarfin. Pokoke kabeh iku wis bisa nggedhekaken atine Elvin Hendrata sampek bisa tatag tangi maning rikala wis arep mangkat entek dayane.

Isun sing bisa ngucap nyang siji-hijine uwong kelawan ucap terima, merga akeh seru hang wis milu nggedekaken isun sakat mulai riset sampek bisa dadi buku iku, gediku jare Elvin postingane ring Facebook.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf