Apresiasi Gendhing Using: Kapoke Wong Seneng Muyab
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 25 Juni 2020 08:36 WIB)
- Esai
Gendhing-gendhing Using, sampek saiki tetep diebeki tema-tema welas asih, cerita umah-umah hang rantas lan pedhot, uga akeh hang ngangkat tema bakalan wurung. Kaya sing entek-entek perkara iki diangkat noring gendhing Using, embuh iku hang digawe lare-lare enom lan penganggit tuwek pisan. Mesthi engko alasane, iki hang payu lan iki hang didhemeni wong akeh.
Ukurane ya mung iku, aleya durung ana penelitian bener tah pancen masarakat dhemen gendhing hang kaya gedigu. Palinga para produser mbantahe, “Buktine gendhing gedigu hang garus lan bisa viral nang medsos”.
Kadhung wis dijawab gedigu, aju paran maning hang arep diomongaken? Kaya wong main skak, iki wis keneng skak mat.
Naming rika aja kuwatir, magih ana dalan hang bisa rika liwati kadhung duwe kawigaten temenan nang merujuk mekare gendhing-gendhing Using. Rika tetep bisa titen (kritis) angger ana gendhing anyar, embuh direken lan sing direken iku dudu tujuwan. Naming wis ngomong lan diweruhi omongan rika, iku wis apik. Masalah ana tah sing hang nggugu omonganrika, iku uga dudu tujuwane. Magih akeh wong hang ongkeb damakaken gendhing-gendhing hang mingser teka masalah iku, uga nggarape hang temenanan.
Gendhing anyar teka album BEM (Banyuwangi Etno Music) kaya arep ngangkat maning kuwate Angklung, kanggo ngiringe gendhing-gendhing Using. Ndeleng teka pideone hang arep dikenalaken Angklung Paglak, biyasahe ditabuh para tani wayah ngempos ring sawah. Pilihan artis hang nggawa gendhinge, uga nggatekaken werna suwara has Using. Kaya suwarane gandrung umume, renyah, entheng lan laik-laike pas kaya hang digawa Dyah Safira.
Serta wis kesihir nang tabuhan angklung, pancen digarap para panjak propesional. Aju ndamakaken nang syaire. Gendhing “Balen Maning” iki dianggit Pak Sahuni, koregraper kesuwur ring Banyuwangi teka Singojuruh. Seperene, wong akeh ngertine kadhung Pak Sahuni karyane arupa Tari Punjari, hang nguwah Kuntulan dadi Kundaran lan hang nguripaken Tradhisi Kebo-Keboan ring Alasmalang. Sing weruha, Pak Sahuni temekaken ungga nganggit gendhing kaya ring ngisor iki.
BALEN MANING
Teklek kecemplung kalen
Timbang golek angura balen
Duren dudu kemesu
Ngajak balen aja kesusu
Cingkir diendoh ring palen
Isun mikir sing kathik leren
Segara wernane biru
Awak rika wis kadhung keliru
Turu bantalan kelasa
Isun keliru njaluk sepura
Rujak kacange tholo
Kerasa rusak aja dipindo
Kodok menek kelapa
Isun kapok nggudha nang rika
Jenang dicampur belondo
Ya sing gampang wong golet jodho
Syair/Lagu: Sahuni, S.Sen
Taun Cipta/populer: 2019
Vokal: Dyah Safira
Pengiring: Angklung
Produksi: Banyuwangi Etno Music
Link : https://www.youtube.com/watch?v=Vb2Fi6zpQrM
Gendhing “Balen Maning” ring ndhuwur iku, nyeritakaken wong hang kepingin balik maning mbangun tali welas asih. Naming karepe aja kesusu, kudu tetep dipikir sulung. Kadhung pancen padha ngakoni lupute ring sesambungan sak durunge, aja sampek diambali maning ring sesambungan hang dikarepaken mau (Kerasa rusak aja dipindho). Ana pengakon hang jujur, kadhung pancen pedhote merga iyane hang ‘muyab’ saiki wis ngaku kapok. Wong Using kanggo ngarani wong nyeleweng utawa selingkuh, biyasahe ambi ujar “muyab”. Embuh iku gudha nyang wong lanang liya, utawa sewalike.
Gendhing iki ngganggo basanan rong barisan, naming sangsangane beda-beda angger padha suwara (guru lagu). Kadhung akehe ujar angger baris (guru wilangan) bebas seru , kaya gendhing-gendhing Banyuwangi. Kanggo pambuka, penganggit njuwut basanan hang wis umum ring masarakat. Malah kadhung penemune penulis, basanan iki akeh dikumandangaken Ludruk liwat parikan. Kesan njawani ketoro seru, paran maning ana ujar “Teklek”, sandal teka kayu. Wong Using umume ngarani kelompen utawa gemparan.
Bait kapapat ana ukara “Segara wernane” biru, ujar ‘wernane’ magih bisa diganti hang Using seru yaiku “kelire”. Mung iku thok hang dadi cathetan, kadhung duwe wigaten nang Basa Using, kudune nyulungaken lan golet ujar-ujar hang arang dienggo. Naming kadhung tujuwane mane gampang dirungokaken lan dingerteni artine, gendhing iki wis kelebu keneng diterima wong akeh.
Pancen ana omongan ring kalangan komponis enom Banyuwangi hang saiki moncer arane, jare gandhing-gendhing Using jaman bengen sing bisa ‘booming’ kaya saiki, mergane ujar lan ukarane angel dingerteni. Ale karepe penganggit, gendhing-gendhing iku hang bagiyan teka karya sastra. Sing kabeh uneg-uneg lan isine ati penganggit dikatokaken liwat ujar lan ukara hang cetha. Penikmat utawa hang ngerungokaken ya diajak mikir, paran setuhune karep hang dibungkus penganggit mau.
Mbungkus karep noring njerone gendhing, iku duduk pegaweyan gampang. Butuh ilmu lan pengalaman, utamane nyang masalah basa hang dienggo alat ngutahaken uneg-uneg ring pikiran. Sepira jeru lan duwe wigati nang basa Using hang dienggo, iku katon seru nyang ujar-ujar hang dipilih (diksi). Durung maning nggawe sanepa, bethekan lan basanan uga wangsalan. Iki sing angger wong Using bisa. Perlu akeh ngelopro, gesah nang wong-wong lawas ring kampung Using. Teka kono, buru ngerti gok magih akeh ujar-ujar Using hang arang ditemoni ring penguripan sedina-dina.
Muga-muga bain, kahanan pasar saiki iki sing nggawe rantas tekade kanca-kanca hang magih milu dalan njaga ‘marwahe’ gendhing-gendhing Using. Magih ana panggonan hang ngenteni karyanrika, ambi terus niteni lan ngomongaken uga terus diagul-agulaken.
Pancen kadhung lare-lare enom hang nduwe rasa dhemen lan kawigaten nyang seni tradhisi iki kon melaku dhewek, adhep-adhepan nyang donyane industri rekaman. Kayane ya abot, paran maning nyawang memburi dandang kerep miring. Mula jangkahe Dokter Taufiq Hidayat minangka Ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), duwe kawigaten nyang seni iki perlu disokong. Kadhung ketemu lare-lare enom hang duwe karep nguri-uri, ambi wong-wong hang duwe kuwasa, Insyaallah seni tabuhan lan tembangan has Banyuwangi iki bisa mujeg dan mbaleni kaya jaman tahun 1970-an.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.