Apuwa Kang Siswanto Sampek Mbelani Turu ring Masjid?
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 10 Maret 2020 07:23 WIB)
- Tokoh

Arane cekak, Siswanto (42 taun). Pawongan kelairan Dusun Pasembon, Desa Sambirejo, Kecamatan Bangorejo iki, saiki dadi pengusaha sukses ring Surabaya. Iyane mboro nyang Kutha Pahlawan sakat lulus STM Negeri Banyuwangi, taun 1998 kepungkur. Kawitane dibelani mbambung, pokok ulih pegaweyan lan bisa mangan. Kepenterane sakat lulus STM jurusan Elektro, bisa ndandani radio, televisi iku hang dienggo buci megawe metu teka tanah kelairan.
"Kawitan melebu Surabaya, megawe nyang perusahaan hang dodol Komputer. Isun kebagian tukang servis, iku ngembangkan ilmu hang sun sinaoni teka STM, tapi iki komputer sithik-sithik ana hang padha. Alhamdulillah juragan seneng ambi caranisun megawe, malah isun dikongkon paran bain ya gelem. Prinsipe pokok ulih pengalaman bisa ketemu uwong lan serawungan, pungkasane aju dipercaya dadi marketing (dodolan). Bedane ambi marketing liyane, isun bisa ngomong barang hang didol lan uga bisa ndadani. Intine kudu percaya nyang awake, ngilangi rasa isin lan gengsi. Paran bain kudu dilakoni angger iku halal", gedigu ujare Dr.Siswanto,S.Sos,MM alumni Universitas 17 Agustus 1945 Surabaya iki.
Pak Sis, gedigu karyawan lan Mahasiswa asal Banyuwangi biyasahe nyeluk, kelebu wong hang enthengan mbantu sak padha-padha. Malah kerep diundang mahasiswa, kanggo ngedum ilmu lan lakon uripe sampek dadi kaya saiki. Saiki 600 karyawan hang kesebar ring kutha-kutha Jawa Timur, aran usahane Bismar Ponsel lan Jos Gandos Ponsel. Uga ana khusus Komputer ring Plaza Marina lan Restoran Jos Gandos ring Jalan Jemursari Surabaya.
"Kawitan sing percaya, kadhung Isun iki mangkat teka ngisor seru. Mangan sedina ping sepisan, malah durung duwe kos-kosan ya turu ring masjid. Iku sun lakoni pirang-pirang ulan, sak durunge duwe picis dienggo mbayar kos", tambah Siswanto hang ngaku anake buruh tani iki.
Masiya saiki wis nyandang gelar Doktor, taping iling lan jangget nyang lulusan STM lan tanah kelairan sing kira ilang. Sampek saiki akehe 600 lebih karyawan iku kabeh lulusan STM, lan maning dijuwut teka STM ring Banyuwangi. Disediyani panggonan asrama, kadhung wayah mulih nyang Banyuwangi ya dieterakan. Kabeh mau dicukupi, merga Pak Sis iling jaman iyane magih kawitan mboro nyang Surabaya kerep kangelan panggonan lan kendaraan wayah mulih nyang Banyuwangi.
"Isun ngerasaken dhewek, lare lulusan STM iku tahan banting. Ibarate diselamber geludhug, tetep kuwat lan sing pengaruh. Mangkane serta wis bisa mbuka usaha dhewek, isun aju njuwut lare-lkare lulusan STM. Kawitane alumni almamater isun, STM Negeri Banyuwangi. Saiki pirang-pirang STM ring Banyuwangi wis ditawani, kanggo hang gelem langsung megawe sun ajak. Syarate patheng ibadah, sing tatoan awake, sing tindikan kupinge. Iku penting, kadhung arep megawe temenan", jare Pak Sis hang melebu Distributor Elite sekehe merek ponsel.
Wayah STM, Pak Sis ngaku ngekos ring Bakungan, parek nyang sekolahe. Merga umahe adoh, iyane mulih sak ulan sepisan. Emak apake buruh tani, ambi nyambi dodol janganan. Asile paling akeh sedina Rp. 3000. Sakmono dienggo ngerumat durule ana enem lan Pak Sis nomer lima sak dulur. "Angger mulih nyang kosan ring Banyuwangi, isun digawani beras, janganan, sampek pecel lan kering tempe. Tepak munggah Lin teka Karangente nyang Sasak Perot, biyasah ketemu kanca lan isun diwadani macem-macem, tapi sing tau sun reken. Arep kelendi maning, pancen gedigu kahanane wong tuwek isun. Teka iku, malah isun kaya kesurung kelendi carane bisa uwah teka urip hang sarwa repot iki. Prinsipisun, kudu belajar patheng lan mempeng ibadah aju temen megawe", gedigu jelentrehe Pak Sis.
Pendidikan kanggone Pak Sis iku penting, kadhung masalahe sing duwe bandha kanggo biaya kuliah, ya kudu megawe teman. Kaya iyane, megawe buncine Ijazah STM, naming serta wis bisa megawe lan duwe bandha ya nerusakane kuliah sampek saiki bisa nyandang gelar Doktor Ekonomi. "Saiki karyawanisun kadhung kepingin nerusaken, insyaallah nak sun bandhani. Merga akeh-akehe lulusan STM, pancen kudu temenanan ulihe belajar lan nata karep. Mane sing kalah ambi lulusan SMA, utawa paling using bisa ngimbangi. Umume hang semangat nerusaken kuliyah lare-lare wadon. Malah saiki wis akeh hang njuwut S-1, S-2 uga ana, muga-muga bain lancar belajar lan megawene mane bisa nguwah uripe. Isun kepingin, lare-lare iku metu teka isun wis ngadeg mbuka dhewek, aja ngalih juragan", gedigu pungkase Pak Sis hang uga aktif ring Himpunan Pengusaha Nahdlatul Ulama (HPN) Jawa Timur iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.