Apuwa Sing Nyetak Picis Bain?

Dian Pratama (dipublikasikan pada Senin, 27 Januari 2025 10:31 WIB)
- Esai



Lur, rika tau tah ndeleng berita ning tipi aju ana anggota DPR usul, makene pemerintah nyetak picis? Aja-aja rika tepak mangu-mangu aju kepikiran gedigi pisan. Apuwa isun ambi rika kudu megawe pontang-panting aju buru ulih picis, gok sara gedigi, apuwa negara sing nyetak picis kang akeh aju diedum-dumaken ning rakyate ? Polae Isun bengen ya mikir gedigu iku.

Kalingana kadhung nurut penganggepisun yara gampang yuh? Nyetaka picis kang akeh edum-edumena, ya wis sugih kabeh wong-wong. Ahire padha enake. Tapi rika weruh tah, paran jalarane negara gok sing nyetak picis. Miturut ilmu ekonomi, kabeh iku ya ana alasane, ana alasan ekonomi, uga ana alasan politik lan sosial.

Alasan ekonomi apuwa gok negara sing nyetak picis bain, merga kadhung kakehan picis, iku bisa ndadekaken inflasi. Inflasi iki mbelaeni seru, kadhung rika enget bengen tau ana kedadeyan krisis ekonomi, sembarang kalir larang regane, mergane picis akeh, tapi sing sebandhing ambi barang utawa jasa kang ana ring masarakat. Umpamane sak kampung nyekel picis kabeh sak juta, terus wong mung ana wong dodolan bakso siji ndhil. Kira-kira tah wis, endane regane bakso iku magih lima sampek sepuluh ewu? Kaya-kaya sing kira, bisa bain regane dadi satus malah limangatus ewu, mergane kabeh uwong nduwe picis akeh.

Sakliyane iku, nurut ilmu ekonomi nyetak picis kang kakehan uga nggarai picis iku sing ana regane, lan ndadekaken kisruhe ekonomi. Kaya kang sun contohaken bakso limangatusewu iku mau. Kadhung kisruh ekonomi, mesthi rika tau belajar sejarah kerusuhan lan krisis ekonomi tahun sangang puluh wolu. Kira-kira gedigu iku kisruhe kadhung negara mara-mara nyetak picis akeh.

Dene alasan sosial lan politik apuwa gok sing nyetak picis kang akeh ring antarane yaiku masarakat sing percaya maning, sugih melarat tambah katon kewela-wela, lan iki kabeh bisa ngganggu perekonomian riil. Masarakat sing percaya iku maksude, kadhung pemerintah terus-terusan nyetak picis, iki nggarai masarakat bingung, aju sing percaya. Balik maning nong kedadeyan taun sangang puluh wolu, magih enget roh uwong-uwong pating narik picis nong bank, yaiku merga wis sing percaya maning.

Sakliyane iku, kadhung picis kakehan, bisa ndadekaken inflasi, kang wis dijelasaken sakdurunge. Inflasi iki malah nambahi kesenjangan. Kesenjangan iki cara usinge kang sugih ya tambah sugih, kang melarat ya tambah melarat, dadine dudu malah nyugihaken uwong melarat, tapi nggarahi ekonomi morat-marit.

Aju kelendi makene negara ngati-ati nyetak picis?

  1. Kudu ana kebijakan moneter kang ati-ati, kebijakan moneter iki diatur ambi bank sentral, kadhung ning Indonesia, iku arane Bank Indonesia, dadi iyane kudu ngatur ati-ati kelendi nemtokaken suku bunga, njaga nilai tukar, lan liya-liyane.
  2. Nganggokaken picise negara kelawan apik, kelendi amrihe pemerintah bisa ngatur picise negara kelawan apik, makene sing nggarahi ekonomi gonjang-ganjing.
  3. Ngembangaken ekonomi kang seimbang, pemerintah lan masarakat kudu mikir bareng-bareng kelendi nggawe ekonomi kang seimbang lan berkelanjutan.

Cendheke omong, nyetak picis kang akeh iku dudu solusi kanggo ngatasi masalah ekonomi. Sakwalike, iku malah nggarahi morat-marite ekonomi, mulane pemerintah kudu nerapaken kebijakan-kebijakan ekonomi kang ati-ati lan lestari.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Gambar dari Ajaib

Editor: Hani Z. Noor