AREMA VS PERSEWANGI
Slamet Hariyadi (dipublikasikan pada Kamis, 06 Oktober 2022 07:08 WIB)
- Esai
Donya tembung Indonesia netesaken banyu mata, buru bain kedadeyan ring setadhiyon Kanjuruhan Malang suporter Aremania chaos marine klub Arema dikalahaken ambi Persebaya Surabaya 2-3. Musuh bebuyutan iki wis ping kaping jotos-jotosan saben tandhing antarane keloron klub Jawa Timur iku. Malah saiki korbane sampek emeh rongatus uwong. Taping hang saiki iki dudu merga tukaran antarane para suporter. Pulisi magih nggoleti paran sebab saktemene. Panitiya sedurunge wis ngira kadhung ana suporter Surabaya bakal tawur. Mangkane sore iku suporter Persebaya hing ulih ndeleng nong setadhiyon. Peristiwa iki kecathet minangka tragedhi tembung hang paling akeh njuwut nyawane menungsa nomer loro sak donya. Nomer sijine kedadeyan ring Stadion Nasional Lima, Peru tanggal 24 Mei 1964 hang mateni 354 wong.
Aju paran hubungane ambi Persewangi? Hing akeh hang weruh setemene tanggal 26 Agustus 2022 Arema tandhing tembung ambi Persewangi ring arena kebanggaan Laros, yaiku setadhiyon Diponegoro. Laga Persahabatan Pra Musim Liga 3 hang dianakaken bakda Isya iku sekore 0-1 dimenangaken Persewangi. Perhelatan tembung persahabatan hang nyulungi sedina teka jadwal kawitan, dijaga ambi atusan pulisi teka polsek-polres gabung ambi Tentara Kodim 0825. Miturut Kapolresta Banyuwangi, nyeja ngirim sakmono akehe pasukan keamanan supaya nguweni rasa tenang ring para pemain lan suporter. Paran maning tandhing tembung iki ditonton ketua DPRD Banyuwangi, Muspika lan Muspikap, sakliyane para suporter Persewangi. Sukur Alhamdulillah tandhinge kelakon aman lan tertib.
Hang taun kepungkur (2021) Arema FC U-17 uga kalah ambi Persewangi U-17 ring laga perdana Grup D Piala Suratin Zona Jawa Timur. Arema kalah 0-2 ambi Persewangi ring Stadion Untung Suropati Pasuruan ring bungase taun 2021. Padha ambi tahun 2015, Arema ya kalah ambi Persewangi ring ajang Sunrise of Java Cup. Dadi, Persewangi kelebu klub hang rada disungkani ambi Arema, masiya durung melebu hang level Liga 1.
Aju kelendi nasibe Persewangi saiki? Klub perserikatan hang ngadeg tanggal 1 Desember 1970 diketuai ambi Kang Nanang Nurahmadi, Sekretaris Ali Nurfatoni lan Manajer Teddy UT, saiki ana ring level Liga 3 Jawa Timur. Klub hang diceluki kelawan julukan time Laskar Blambangan (The Lasblang) taun 1997 tau main ring Liga 1 Indonesia. Tahun 2006 tau ulih juwara ring Divisi III lan melebu Divisi II ring 2007. Aju juwara maning ring Divisi II, ahire bisa promosi ring Divisi I tahun 2008. Pemerintah daerah perlu milu cawe-cawe kanggo bisa ngangkat Persewangi munggah ring level 1. Rungu-rungu, artis papan atas Atta Halilintar tau kepincut ambi Persewangi, tapi embuh kelendi ceritane gok wurung lan milih klub PSG Pati, diowah dadi AHHA PS Pati FC. Dadi ayok cancut taliwanda, hullupis kuntul baris, nyengkuyung bareng-bareng Persewangi supaya bisa tampil sagah ring pentas tembung nasional. Paran maning setadhiyon Diponegoro minangka panggonan latihan wis saya apik lan keneng diandhelaken.
Ngomongaken setadhiyon, arena iki manggon ring Jl. Jaksa Agung Suprapto, temakaken bengen tau diarani Stadion Jogopati. Kapasitas penontone 15.000 lebih. Sakat dicekel Bupati Anas, setadhiyone direhab nggawe konsep 2-in-1. Artine, seliyane kanggo olahraga, Setadhiyon Diponegoro uga dadi sentra dagang hang dipanggonaken ring ngingsore tribun penonton. Tapi setemene sakat bengen ring sakubengane setadhiyon mula wis akeh wong dodolan. Lare lawas mesthi magih enget ambi rujake Pak Nur, baksone Pak Markam, kacange Pak Jo ambi gado-gadone Pak No. Kadhung pemain lawas hang terkenal jamane Imam Hambali, Hendro Kartiko, Zaenal Ichwan, Edy Poernomo, Sunoto Hadi, Temi, Suwandi, Darmuji, Rambu, Buang Sukoco, Widodo, Cadak, Sigit, Rudolf Mayer, Beni Beno Lilipali lan liyan-liyane. Klub seliyane Persewangi hang kerep latihan ring kono (ring lapangan kulone setadhiyon Diponegoro), Persatuan Sepakbola Hizbul Wathan (PSHW) asuhan Pak Murad, pelatih legendaris. Mayo ngenget-enget jaman bengen dulur.
(Kang Slahar)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.

