Artis Using Padha Pindah Nyang Channel Youtube (1)

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Sabtu, 15 Februari 2020 10:15 WIB)
- Esai



Saiki para penganggit gendhing-gendhing Using, kudu mituhu duwe karep kanggo nerusaken lakon lan pegaweyane. Kadhung sak durunge njagakaken nyang Produser lan Label utawa Studio Rekaman,  saiki bisa ‘proses’ dhewek (independen) kelawan biaya hang murah (low-budget). Teka macem-macem biaya hang dietokaken, sewa studio kanggo ngasilalen suwara hang apik iku hang magih larang. Biaya shooting video-klip bisa diakali, ambi nganggo ‘konsep minimalis’ dadi sing akeh-akeh ngetokaken picis.

Iki cara anyar hang keneng diarep-arep kanggo penganggit, merga kabeh wong wis nana watese bisa ndeleng karyane kadhung diunggah ring Youtube. Wis sing ana maning Produser hang pelangkrikan ngatur-atur gendhing (temane) lan malah ngatur ujar lan ukara Using hang kudu dienggo. Ale iyane dhewek dudu wong Using, naming merga duwe picis lan kuwasa nyang njerone ‘proses’ mau, aju sak karepe dhewek.

Virgia Hassan utawa Iggy Virgie , salah sijine penyanyi Using hang duwe suwara gedhe (sopran), ngawiti nggawe akun Youtube dhewek kanggo nyebar gendhing-gendhing hang tau ditembangaken bengen. Malah uga magih milah-milih gendhing-gendhing Using liyane, hang cocok ambi ‘karakter’ suwarane. Presenter JTV Banyuwangi iki, sithik-sithik arep njingkat maning ring donyane gendhing-gendhing Using. Kawitan mecungule nyang Youtube nganggo akun dhewek, nyacak gendhing anggitane Koming. Gendhing hang dianggit taun 2017 lan tau digawakaken ambi Nanda Feraro, diolah maning ambi Victor Lharos.

TOMPO LORO

Kepingin nutup mata

Kepingin nutup kuping

Api-api sing ngerti

Timbang weruh ati lara

Karuan sing katon

Karuan sing rungu

Wong hang sun angen-angen

Ucul teka pager ati

 

Reff

Dienggo paran welas kadhung sing ndampingi

Isun hang ngerumati wong liya hang nduweni

Endi rasa hang rika cekeli

Manis rika gawa

Pait hang isun tampa

 

Syair/Lagu : Koming

Tahun Cipta : 2017

Pertama dipopulerkan : Nanda Feraro

Instrumen Pengiring :Musik Pop Banyuwangi

Produksi Rekaman : Lharos Studio – Banyuwangi

Link : https://www.youtube.com/watch?v=yv2C0pVrhxs&feature=youtu.be

Aranger & Mixing : Victor Lharos

Video : Dani Deep (DF_PRO)

 

Kanggo hang kangen suwarane Virgia Hassan, bisa ngawiti ngerungokaken gendhing “Tompo Loro” (Kudune ditulis: Tampa Lara). Nyeritakaken lare wadon hang disulayani janjine, ambi lare lanang. Sing terima ditinggal, malah larane hang dirasakekan ambi lare wadon hang ditinggal mau.

Kadhung diurut-urut, dalan gendhing iki kaya ketugel. Cerita mung larane ati lare wadon, sampek sing kepingin rungu omongan, sampek sing kepingin ndeleng kahanan. Teruse kelendi, kadhung kahanan hang diterima gedigu. Iki bedane penganggit gendhing jaman bengen, ambi lare-lare saiki. Buncine sing terima nata ujar lan ngeronce ukara, dadi wirama hang enak dirungokaken. Naming lebih teka iku, hang ngerungokaken ya diweni dalan kadhung ngalami nasib kaya ring gendhing mau. Merga iki masalah umum, angger wong tau demenan mesti tau nduwe masalah digi.

Bandhingaken ambi gendhing-gendhing bengen, masiya temane padha masalah kasmaran. Naming ring pungkasan gendhingan mau, penganggit duwe “kewajiban” nguweni dalan mane bisa ucul teka masalah mau. Masiya tah dalan (solusi) teka penganggit iki sing gampang dilakoni, tapi kewajibane penganggit wis gugur kanggo nguweni dalan (educate) nyang hang ngerungokaken gendhinge.

Kaya gendhing “Mberebes Mili” lan “Sing Ana Jodho”, kelorone anggitane Armaya (Abdul Kadir Jaelani). Gendhing “Mberebes Mili”, nyeritakaken ngenes atine lare wadon merga ditinggal djemenane. Alae iyane seneng lan welase temenan, sing apus-apusan sampek raine bengi kepikiran. Gendhing mau dipungkasi ambi lare wadon mau nerima kahanan hang ana, masiya welase nyang dhemenane sing bisa ilang.

Kadhung gendhing “Sing Ana Jodho”, lebih teges kadhung nguweni dalan. Iki rupa jawaban teka gendhing “Mberebes Mili”, nyeritakaken lare lanang mau hang njaluk sepura, iyane menyang dudu merga sing sing seneng utawa ngelali. Iki merga suwene kadhung bakalan, terus akeh pitenahan. Gendhing iki ya nyeritakaken lare lanang mau sing gelem nyalahaken sapa-sapa, naming nerima minangka takdir teka Hang Kuwasa. Aju dipungkasi, “Sing ana jodho, seduluran bain”. Pungkasan-pungksan gendhing gedigi, mulai kerep ditinggalaken ambi penganggit enom-enoman. Sing kabeh, magih ana hang ngugemi cara lawas lan duwe tanggung jawab moral nyang anggitane.

Masiya gedigu, ngerungokaken “Tompo Loro” iki kaya sing masalahaken nang isine. Suwara gedhe lan cetho ujar-ujar Usinge, nggarahi hang ngerungokaken bisa kesihir. Virgie hang lair lan gedhe sampek umah-umah tetep milih manggon ring Mangir Rogojampi, magih kejaga tata carane ngucap lan ngomong Usingan. Paran maning iyane anak kandhung almarhum Hasan Ali, budayawan lan penulis Kamus Using-Indonesia.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf