Arung Jeram Banyuwangi Diantem Pageblug lan Sudane Banyu

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 30 Oktober 2020 07:37 WIB)
- Laporan



Sak liyane merga pageblug, wisata arung jeram Banyuwangi emeh gemiblag merga saya suwi banyu kaline saya suda. Umpamane hang kaya dialami operator ring Rafting Glenmore
"Hing kaya telung taun kepungkur, debit banyune suda. Salah sijine merga anane tanduran tebu. Perkebunan hang bengen akeh nandur wit soklat lan karet, saiki nyiluri wit-witane ambi tebu ewonan hektar," jare Alfan Impriadi hang ngelola Rafting Glenmore.
Basecamp-e Rafting Glenmore ana ring parek pabrik gula anyar, ring dusun Pegondangan desa Karangharjo Glenmore. Parek panggonan kelenceran Dusun Kakao ring Jalan Lintas Selatan Banyuwangi-Jember.
Lare kelairan Bondowoso iki bengene manggon ring Surabaya. Aju sakat 2017 KTP-ne wis pindhah Banyuwangi kanggo ngedegaken wisata arung jeram. Iyane iki ngesaki kartu anggota Federasi Arung Jeram Indonesia hang uga mbantu ngadege operator wisata keli nganggo jukung karet iki ring Songgon hang saiki ana telung operator.
Setemene hang milu ngawiti mbukak Rafting Glenmore taun 2017 iki ya kelebu pirangane manajer ring PT Perkebunan XII hang ana ring kono.
Saiki Rafting Glenmore nduwe 10 jukung karet lan pemandhune pisan hang sekali melaku bisa nggawa 100 wong kelenceran bareng-bareng.
Akeh-akehe hang milu kelenceran mula wong teka Jember, Surabaya lan Jakarta sak liyane teka Banyuwangi dhewek.
Sedurunge mangsa pageblug iki, iyane kadhang bisa melaku 32 jukung, hang merga stoke kurang, disewa teka panggonan liyane kayata teka Probolinggo.
"Taping ya kudu dingerteni gok iki mula wisata minat husus, dudu wisata massal. Dadi masiya hing preian, ana bain uwong hang ngelencer," jare Alfan hang ngaku gok merga pageblug iki wong kelenceran nong panggonane mudhun sampek 80-90 persen.
Ring kantore, hang kari mung tukang rijig-rijig. Dene para pemandhune balik nong umahe dhewek-dhewek. Pemandhune mung nunggoni, kadhung ana orderan kari nelpun. Alfan uga wis ngelatih lare kono minangka pemandhu taping hang nduwe sertipikat teka Federasi mula magih wong-wong njaba desa.
Kelendi anggone wadhah kelencerane miloni protokol kesehatan? "Federasi Arung Jeram Indonesia wis nduwe standar protokol kesehatan dhewek. Cek suhu, wisuh, njaga jarak. Mangkane saiki ring paket arung jerame hang maune mangan prasmanan disiluri sega kothakan. Sak jukung sedurunge wong papat, saiki mung telu," jare Alfan.
"Setemene kadhung nong banyu iku aman, saben kecipratan padha bain ambi wisuh," omonge Alfan.
Paket hang ana ring Rafting Glenmore, ana hang suwene rong jam, telung jam lan petang jam sampek enem jam, dibedakaken teka adohe teka wolung kilo, 11 km lan 18 km.
Ring donya rafting ana tingkat kesulitan teka 1-6. Hang aman kanggo wisata iku tingkat kesulitan 3-4. "Nong kene iki hang ana tingkat 3 lan ring Songgon tingkat 2. Tingkat 5-6 iku kanggo profesional hang anane ring njaba Pulo Jawa kayata Sumatera, Kalimantan lan Papua.
Tingkat kesulitan ditamtoaken ring telung faktor: 1. Debit banyune 2. Werane banyune lan 3. Kemiringan mudhune banyu.
Rafting Glenmore hing mung nyedhiyani keli-kelian nganggo jukung nong banyu, taping uga ana paket kemahe pisan hang pakete kelebu sarapan, rafting 11 km, tembak-tembakan paintball, mangan bengi kelawan bakar-bakaran panganan (BBQ) lan kemping ring kono. Jasa poto lan pideo uga ana.
Dadi kapan arep keli-kelian?


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor