Asal-usule Kemiren
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 25 Maret 2021 08:35 WIB)
- Laporan
Kelendi asale desa Kemiren kecamatan Glagah? Ring buku Nilai-Nilai Kemasyarakatan Pada Masyarakat Using di Banyuwangi terbitan Departemen Pendidikan dan Kebudayaan taun 1994/1995, diceritakaken gedigi:
Jare pak Hanafi, wong Licin hang dipilih dadi kepala desa Kemiren tahun 1950an, bengene Kemiren magih melebu bagiyane desa Tamansuruh.
Sedurunge dadi kampung, Kemiren iku minangka alas hang akeh merujuk wit kemiri. Aju taun 1900an, Gunung Pendil hang ana ring Pegunungan Ijen mbeledhos, pendhudhuk desa-desa hang ana ring ngingsore padha pindhah. Kelebu wong-wong desa Cungking hang golet panggonan subur lan ketemu ring Kemiren.
Merga wong hang manggon saya akeh, aju ana pemekaran, desa Kemiren ngadeg dhewek, lan taun 1942, Kemiren iku minangka kumpulane enem kampung: Gedangan, Tegalcampak, Petung, Siwuran, lan Kedaleman, sak liyane Kemiren dhewek.
Aran Kemiren jare bengen teka akehe wit kemiri. Kemiren teka rong ucap: "kemiri" lan "iren", kemiri teka wit kemiri lan iren artine "iri" taping hang duwe konotasi positip, umpamane kepingin maju kaya panggonan liyane. Semono uga aran Siwuran, merga akeh wong nggawe siwur, wadhah dienggo njuwut banyu hang teka bathok kelapa lan gegerane teka kayu. Kadhung Petung merga akeh merujuk jajang petung. Dene Tegalcampak iku artine tegal padha ambi kebonan hang wera lan campak nduduhaken arane rasa. Kedaleman jare panggonane wong hang minggir tambah "dalam" nong njero alas merga ana tekanan teka wong njaba. Kadhung Gedangan merga akeh ditanduri gedhang.
Taun 1950an hang dipilih dadi kepala desa wong militer aran Hanafi. Merga Kemiren hing patiya aman. Magih akeh rampok. Taun 1960an, wong-wong Kemiren magih arang hang metu teka desane, sakliyane kurang aman, transportasine ya sara.
Jaman semono, pimpinan desane magih disebut Petinggi hang dibantu sekretaris aran Carik. Ring ngingsore Carik iki ana Kamituwa loro (hang mimpin dhusun) hang ana ring ndhuwure Dinawa. Ring ngingsore Dinawa ana Kuwu. Ring saben dhusun, ana modin, modin kawin lan modin banyu jagatirta. Kaya arane modin kawin ngurusi wong hang kawin lan uga wong mati, dene modin banyu jagatirta ngurusi pengairan.
Sakat taun 1986, struktur organisasi mau wis uwah. Saiki Kepala Desa dibantu Sekretaris hang nong ngingsore ana Kepala Urusan Pemerintahan, Urusan Pembangunan, Kesra, Keuangan lan Urusan Umum. Ring ngingsore Kepala desa ana Kepala dhusun hang dadi ndhuwurane RW lan RT.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






