Asil Kerajinan Difabel Diwani Dalan Pemasaran
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 26 April 2021 07:33 WIB)
- Laporan
Muruki wong difabel iki kudu mesisan, diajari carane nggawe kerajinan lan asile dibantu diwani dalan ngenalaken nang pasar pisan.
Gedigu karepe organisasi Aura Lentera hang duwe iwuh bareng ambi Yayasan Dana Sosial Al Falah, jare Ketua Divisi Peningkatan SDM Aura Lentera kang Misnanto.
Iwuh rong dina sakat Ahad sore sampek Senin dina iki disilihi panggonan ring Umah Using kantor Kecamatan Banyuwangi.
Aura Lentera iki komunitas hang nduwe komitmen ngangkat nasibe wong difabel Banyuwangi kelawan advokasi lan penelitian teknologi hang ndhukung ring wong-wong difabel.
Ana pitung wong difabel hang diajari ngenam lan ngerawat sepatu (shoe care) ring Pelatihan Inovatif Vokasi dan Pemberdayaan Bagi Diffabel.
Wong tuna daksa hang diajari ngenam yaiku:
1. Amir, Bangorejo
2. Temon, Purwoharjo
3. Abdurrahman, Tegalsari
4. Nur Hayati, Tegalsari
5. Bilal, Glagah
6. Untung, Kebalenan, Banyuwangi.
Dene hang tuna rungu, diajari ngerawat sepatu yaiku:
1. Harianto, Karangrejo, Banyuwangi.
2. Oky, Kalipuro
Ring pelatihan iki instruktur hang ngajari hing tanggung-tanggung yaiku kang Khotibin hang duwe tokok Kejaya Handycraft lan dibantu asistene wong loro. Taun 2020 sore, desaine Kejaya iki wis tau menang ring tingkat internasional. Kejaya, hang wis duwe pengalaman ekspor kerajinan ring negara manca iki, uga hang mbantu ring kreasi lan diversifikasi produk lan uga masaraken kerajinan hang diasilaken ring wong difabel.
Dene ring perawatan sepatu rencanane ana pendampingan teka Lentera ring umahe dhewek-dhewek.
Jare kang Misnanto pelatihan ngenam lan ngerawat sepatu iki mula hang kawitan. Kapanane Lentera uga wis tau ngajari difabel liyane carane nggawe suguhan kopi. Hing mung nggawe kopi belaka, Aura Lentera uga ngancani sampek pendhampingan buka usaha. "Iki wong-wong hang beda teka pelatihan kopi kapanane."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






