Asile Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using 2021

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 30 Oktober 2021 18:47 WIB)
- Laporan



"Ring karya tulise Kiki iki, wis metu cirine awake dhewek. Yaiku wis posisi terakhir dalam karya seni, kadhung identitas senimane wis metu nong karyane," gedigu jare salah siji juri, Moh. Syaiful, nggawe ukuran kelendi cerita cendhek hang apik.
   Kiki, celukane Ridzkiya Karimatus Sholeha, wis ping kaping-kaping ulih juwara Terbaik lan ring iwuh iku kumpulan cerita cendheke hang nduweni judhul "Kembang Galengan" diluncuraken.
   Ring iwuh Pengumuman Pemenang Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using kaping IX 2021 iku, sak liyane ana peluncuran buku Kembang Galengan, ya ana buku Kembang Ronce 2020 hang dadi wujude kumpulan cerita cendhek asile Lomba taun 2020 sore.
   Syaiful ngakoni gok taun iki tambah akeh penulis-penulis hebat hang rata-rata nulis 5-7 halaman cerita hang apik-apik. Syaiful ngomong gok dewan juri megawene kerasa saya abot tahun iki merga akeh penulis anyar hang mara-mara milu, ceritane apik lan ndadekaken biji ceritane parek-parekan.

"Kiki bisa nyeritakaken keusingane, sampek nang awake. Ana wong loro hang bisa gedigi, hang sepisan Nur Holipah lan Kiki. Holip masiya nulise apik, bengen magih tetep bain milu pelatihan," tambah Syaiful. Holip iki saiki dadi salah siji juri ring Lomba iki. 
   Dene lare sekolah, sakat ana pageblug, mula saya suda hang milu. Tepak diomongaken nang ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), kang Hasan Basri sedina sedurunge, kang Hasan ngomong mula pelajaran daring ring umah nggarahi semangate lalare saya kimples.
   "Masiya saiki wis melebu setengah-setengah, lalare magih durung bisa kaya sabene," jare kang Hasan hang uga wakil kepala sekolah ring SMPN1 Banyuwangi.   

   Taun iki, lalare sekolah SMP lan SMA mung ngirim 6 karya. Merga saben kategori mesthine minimal ana limang peserta, lare SMP lan SMA didadekaken siji.
   Pemenang kategori lare SMP/SMA yaiku:
Terbaik 1: Vidya Dzurotun Nafisa kelawan judul Belang Telon
Terbaik 2: M. Ghani Shaka kelawan judhul Dulit
Terbaik 3: Kezia Kalonika kelawan judhul Kepilis.

Ring kategori umum, wong-wong hang tau menang sedurunge, kayata Maesa Dee, Mahawan, Andisep Kurniawan, Ida Nur Safitri, Nur Aini kudu ngakoni gok ana penulis-penulis anyar hang nduwe cerita cendhek apik.
Terbaik 1: Urip Limartono Aris kelawan judhul Tobat
Terbaik 2: Nur Hidayah kelawan judhul Tuku Welas
Terbaik 3: Lirix Al Harir kelawan judhul Ring Ndhuwur Langit Ana Langit.

Iwuh hang dianakaken ring Aula Sonangkara Kecamatan Kota iku uga ditekani Pak Camat Moh. Lutfi hang milu nyumbangaken suwarane dienggo hiburan kelawan nggawa gendhing Nyulayani Janji, diiringi tabuhan teka Joyokaryo, lalare enom teka sanggar ring Sawahan pimpinane Nuno Sutejo.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor