Awak lan Montor
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 24 Mei 2025 07:18 WIB)
- Esai
Awak lan Montor
ditulis ring Iskak Basuki
Jaman saiki seru gampange ngelumpukaken wong sak padha-padha kekarepane. Nggawe bain grup ring media sosial. Ana hang anggotane kebukak kaya ring FB, ana hang terbatas anggotane kaya ring WA.
Ring grup WA, kadhang ana anggota hang suwi hing ana nguntup. Kalingana, larene kadheman sing enak awake (iki kedadeyan ring grup kanca sak sekolah sak pantaran).
Maklum wis kemplut, wis 60-an taun awake, ya awake anggota kabeh iki dienggo urip; sakat cilik sasat dienggo sekarepe dhewek, kadhangane sing keneng dialesi mesthi ana hang kurang enak, kesel, utawa rusak.
Alhamdulillah, mungguha montor magih bisa diserpis, dibecikaken maning, ana bingkile.
Tau kerungu ujar-ujare wong tuwek. Jare, setemene awak utawa ragane menungsa iku kaya dene montor, jiwa iku supire.
Melakune montor paran jare supir, obahe raga paran jare jiwa. Sewidakan taun iki dilakokaken nyang endi bain montore? Kelendi nyupire? Paran bain bengsine?
Sing kerasa, sing keneng dibantah, serang lawase nong njero montor - selawase urip sing tau mudhun, jangget dadi siji ambi montore - menungsa lebih rumangsa awake iku sukur montor.
Nyawang sapa bain ya katon montore thok, sing ngurus supire. Pendheke, hang penting hang katon, yaiku pisike, awake, ragane, jasmanine, montore! Iku thok hang di-pikpik, hang diraksa.
Sakwalike, jerone yaiku jiwane, atine, ruhanine, supire sing kari dipentingaken, sing patiya dipakani; awake thok hang dipakani, rekene. Pungkasane awake wis dhaplok, taker kemplut, atine tetep bain lare, magih bocah...abuh thok sing bisa pecah.
Akibate aja gumun kadhung isine donya ruwete masa'alah, kebek ambi masalah! Mauka, merga meh kabeh montor, milyaran montor, melakune kebut-kebutan, ugal-ugalan. Ring endi-endi saben dina nyata kedadeyan kecelakaan, tabrakan masal! Yong supire rata-rata magih lare; termasuk hang ngomong, hang nulis.
Kudune supire sakat cilik uga ajeg tur wareg dipakani hang enak-enak pisan makene subur aju metu sabare.
Jare omonge wong tuwek maning, sabar iku subur. Ana maning, wong sabar iku welasane Pengeran, bakale diraksa supir sak montore.
Dadi kadhung ana kanca hang keneng setruke, asam urat dhuwur, empedune akeh watune lan liya-liyane, wis kudune nambah sabare.
Jare agama muga-muga larane bisa dadi dalan dienggo ngurangi dosa-dosane. Kadhung hing dideleng teka positipe, montore saya gancang mogok nong dalan. Kadhung kurang bengsine bisa ditukokaken masiya eceran. Kadhung supire hang wayahe ngepos?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Iskak Basuki
Editor: Hani Z. Noor
