Ayem Urip ring Desa
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Minggu, 22 Januari 2023 09:22 WIB)
- Kuliner

Sapa hang duwe angenan engko nak ngantekaken mangsa tuweke urip ring desa, manggon ring umah tikel, mewah aliyas mepet sawah, kaya isun?
Duwe tegalan cilik seliyane sawah masiya mung pirang kedhokan, ana maneka uwit-witan. Nandur belencong, terong welut, lobok, ranti lan maneka tanduran hang didhemeni.
Bisa methik semanggi ring sawah, njabut gundha, methik kangkung sawah hang gurih kadhung dikulub lan ditutulaken sambel ranti. Windhul temenan.
Wayah isuk nepaki serngenge wis melethek, melipir ring galengan golet rambanan dienggo sarapan. Rada bedhug ndileng nong tegalan nawi ana hang bisa dipanen, embuh sawi, sabrang, gedhang tah maneka pala pendhem utawa uwoh-wohan liyane. Lungguh ring paglak ambi ngombe daugan kang buru disengget teka uwite dhewek, silire angin bisa nggarai jelantukan.
Njebol sawi keneng diolah maneka panganan, dikukus utawa digoreng tah dibakar ya windhul pisan.
Kadhung nepaki ana uwit gedhang kayu tah gedhang saba abang hang wis nyuluh bisa ditegor, digodhog tah dikukus utawa digoreng ambi gelepung keneng dienggo sandhingan ngopi tah ngombe teh soren-soren, lungguh ring teras umah ambi gesah.
Urip ring desa mula bisa njumbulaken rasa ayem tenterem, ya kahanane, ya gaya urip hang paran anane.
Pirangane wektu kepungkur nepaki sambang sawah, ndileng pari buru tandur, katon pating njerumbul godhong semanggi. Gatel rasane tangan kepingin methiki. Wis mbayangaken dikulub aju nggerus sambel sere hang pedhes kecut merga ana belimbing wuluhe, byek windhul temenan.
Resepe sambel sere Banyuwangi:
7 iji lobok litik abang utawa sak dhemene pedhese
Terasi sak sendhok teh
Uyah setengah sendhok teh
Gula pasir sak sendhok mangan utawa gula Jawa kira-kira rong sendhok mangan
Ranti rong iji hang ukuran sedhengan, bisa pisan hing kathik ranti
Sere rong lonjor dirajang alus
Belimbing wuluh 3 iji ukuran gedhi
Kabeh seliyane sere lan belimbing digerus kaya sambel biyasahe, kadhung wis rada alus aju ditambahaken sereh lan belimbing aju digerus maning tapi aja alus seru.
Tilikana rasane, kadhung wis pas aju bisa disandhingaken nyang semanggine.
Eh, nulih nyang bucu galengan pinggir kulon, pating nyelolor kangkung sawah ngelantar merana merene. Nana wih, saya gatel tangan iki kepingin methiki. Mbayangaken kangkung sawah hang renyah gurih ditutulaken sambel ranti.
Arep dadi gadhon digu bain tah ngamet sega ditambah gorengan tempe tahuk lan lemuru, yara windhul temenan.
Durung maning ndileng bucu hang pinggir elor kana, pucuke gundha pating mecungul ring antarane godhong pari hang magih endhep.
Pungkasane kabeh diamet, nak tempongan kuluban kangkung sawah ambi gundha. Sing kathikan repot, dikulub bain aju nggerus sambel ranti, windhul wih!
Resep Sambel ranti:
lobok litik abang 5, 7, 9 tah 15 sekarepe wih sukur kuwat pedhese.
Uyah secukupe
Terasi setengah sendhok teh
Gula secukupe
Ranti 3 iji ukuran sedhengan
Jeruk Lima siji bain ukuran sedhengan
Kabeh seliyane ranti digerus, kadhung wis rada alus tambahaken rantine digerus maning rada kasar aju dikeceri jeruk Lima. Tilikana, kadhung wis pas ambi selera bisa dicepakaken ring meja.
Sing kathikan daging sapi tah pitik hang larang-larang, ana tempe, tahuk, gerang tah lemuru, rasane wis ngalah-ngalahi madhang ring resto.
Methik tandurane dhewek masiya ibarate bisa tuku ning pasar sing kathikan repot ngerumat tanduran, tapi rasa puwase beda, rasa girange beda. Ibarate kesele nganteni kaya nanggung utang, sarta panen sakkal lunas.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.